Tembang dolanan
Tembang
dolanan yaiku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paugeran guru
gatra , guru lagu, guru wilangan, lan dhong dhing. Nanging, biasa ditembangaké
déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo
kanca-kancané lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan,
bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran,
bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. Kadhangkala tembang dolanan uga
ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang
kulit.
Lagu-lagu dolanan
ora namung lucu, ananging uga didhik.
kayata
lagu "Ilir-ilir", Miturut
kapitadosane tiyang Jawa, lagu iki
diciptakna Sunan Bonang. Ning jerolagu iki ana makna falsafah
urip lan agama.
Ing
ngisor iki pira-pira tembang dolanan:
ILIR-ILIR
Lir
ilir, lir ilir, tanduré wus sumilir
tak
ijo royo-royo tak sengguh temantèn anyar
Cah
angon, cah angon, pènèkna blimbing kuwi
Lunyu
lunyu yo pènèken kanggo mbasuh dodotiro
dodotiro,
dodotiro, kumitir bedhah ing pinggir
Dondomana
j’rumatana kanggo séba mengko soré
mumpung
padhang rembulané, mumpung jembar kalangané.
yo
surako surak hiyo.
CUBLAK CUBLAK SUWENG
Cublak
cublak suweng
Suwenge
ting gelèntèr
Mambu
ketundhung gudèl
Pak
empong lera-léré
Sapa
ngguyu ndelikkaké
Sir
sir pong dhelé gosong
Sir
sir pong dhelé gosong
Pitik Tukung
Aku
duwe pitik, pitik tukung
saben
dina, tak pakani jagung
petok
gogok petok petok ngendhog siji
tak
teteske,kabeh trondhol dhol dhol
tanpa
wulu,megal-megol gol gol gawe guyu
Jaranan
jaranan-jaranan…
jarane jaran teji
sing
numpak ndara bei
sing
ngiring para mantri
jeg
jeg nong..jeg jeg gung
prok
prok turut lurung
gedebug
krincing gedebug krincing
prok
prok gedebug jedher
Kidang Talun
Kidang
talun
mangan
kacang, talun
mil
kethemil, mil kethemil
si
kidang mangan lembayung
Gajah
belang
duwe
anak, belang
nuk
renggunuk, nuk renggunu
Te Kate Dipanah
Te
kate dipanah
dipanah
ngisor gelagah
ana
manuk konde-onde
mbok
sirbombbrok, mbok si kate
mbok
sirbombbrok, mbok si kate
mbok
sirbombbrok, mbok si kate
Gundhul Pacul
Gundhul
gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi
nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul
ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul
ngglimpang, segané dadi sak ratan
Padhang Bulan
Yo
prakanca dolanan ing njaba
Padhang
mbulan padhangé kaya rina
Rembulané
kang ngawé-awé
Ngélikaké
aja turu soré-soré
Sumber
Tembang
dolanan. Dimuat di jv. Wikipedia.org, diakses 15 Desember 2015.
Lagu
tradisional anak-anak berbahasa jawa, Dimuat di lagu2 anak. Blogspot.co.id
diakses 15 Desember 2015
Tidak ada komentar:
Posting Komentar