Rabu, 02 Desember 2015

Geguritan


  SEKAR ASIHMU
Ati iki tansah bungah
Yen kelingan marang sliramu
Sliramu sing ana ning njero atiku
Sliramu sing gawe ayeme atiku
Sumringah esem iki
Sansaya bungah
Sansaya kesensem
Yen Kelingan lakumu
Tekamu bakal tak tunggu
Asihmu tak jaga
Ati iki namung kanggo sliramu
Raga iki wis dadi ragamu 
  LINTANG WAYAH WENGI
Sepi wayah wengi iki
Tanpa kanca tanpa bala
Tanpa gunem tanpa wicara
Sepi iki gawe tangis ati
Kelingan sliramu sing tak tresnani
Kangen iki saya mbalela
Lintang wengi sing abyor kae
Nyekseni rasaning ati iki
Kanggo kowe sig tak anti-anti 
  KORAN BEKAS
Suwekan koran bekas kae
Wis padha dilalekke
Namung dianggep sampah masyarakat
Kaya-kaya wis ilang ajine
Ananging bedha
Yen kecekel tangan kang kreatif
Koran sing dibuwak mau
Ora namung dadi sampah lan bungkus bumbu
Ora namung dadi barang ora payu
Koran bekas tambah ajine
Dadi brang sing akeh diluru
Barang sing larang regane
Koran bekas rega emas 
  GODHONG SING TIBA
umur iki sansaya sudha
awak iki sansaya tua
daya iki ya ora sepira
yen dibandhingke ing jaman mudha
            urip iki namung ngenteni mati
            gari ngenteni panggilaning gusti
            mangsa mudha wis dirasakna
            saiki titiwancine dadi tua
ngenteni metune nyawa
urip iki kaya-kaya godhong tiba
umur wis pucuk akhir
ngenteni kena angin
yen wis tibo ora bisa balik
godhong tibo dadi saksi pasrahing ati
 KEKANCAN
Opo awakmu kelingan
Seprene awake dewe kekancan
Yahana yahene jan dadi cerito
Gumandengan ngliwati mangsa
Tangis dadi raharja
Duka dadi bahagya
            Nanging saiki kabeh wis ilang
            Ilang kagiles majune jaman
            Kayata sega dadi bubur
            Kabeh ajur, kabeh kabur
            Nanging ati iki tansah eleng
Luh iki tansah dleweran
Yen eleng marang sliramu
Sliramu sing dadi kancaku
Uga dadi kanca setya
Ora bakal tak lalekna, najan kowe wis ora ana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar