Tresanane digawa Mati
Esuk
kuwi Mbah Sumijan rampung sarapan karo ngunjuk kopi sing disediakake marang
Mbah Putri yaiku Mbah Kasmi, banjur marani pit tua sing semendhen ana ning
tembok. Pit tua kuwi pancen dadi kanca setyane mabh kakung yen lunga nan tegal
saben dinane.
Esuk
kuwi kaya biyasane dheweke nuntun pite metu banjur lunga tumuju tegalane. Tegal sing dadi tujuane mau dadi nggon nandur
semabarang palawija, dadi saben dina ditiliki karo diresiki supaya tandurane
tansah urip. Yen wis wayahe pada diunduh uga bisa nambah-nambahi penghasilane
wong loro mau sing saiki wis padha sepuh dadi anggone nyambut gawe ya sek giras kaya enom biyen.
Ning
omahe uga ana ingon-ingonan pithik lan wedhus sing padha wae iso ngasilke
tambahan dhuwet. Najan ora wedhuse dhewe amerga namung ngingonke wedhuse
tanggane sing padha titip, dadi sisteme bagi hasil, ya lumayan kanggo
nambah-nambahi penghasilan. Mabh putri sing ning omah uga ora namung
tenguk-tenguk wae.
Rampung
gawe sarapan resik-resik omahe lan makani ingon-ingonane mau yaiku pithik lan
wedhuse, dhene pakan wedhuse sing luru mbah kakung sing nyangking yen mulih
saka tegal. Yen wis krasa penggean omahe rampung dheweke nyusul mbah kakung ana
tegal sarana mlaku karo nggendhong
renggong kanggo wadhah gawan saka tegal karo nyangking arit bubutan suket
Senajan
uwis padha sepuh nanging anggone nyambut gawe iseh padha giras. Maklum anggone
omah-omah ora dikaruniyani anak. Dadi uripe ya namung wong loro. Nanging ana
tanggane sing wis dianggep dadi anake amerga sanget apike lan gematine karo
wong loro kuwi. Saben duwe apa-apa uga diterna ning omahe wong loro mau, dadi
tanggane mau ya wis nganggep mbah Sumijan karo Mbah Kasmi mau wong tuane dhewe.
Merga melas kekarone namung uurip wong loro grathul-grathul.
Tanggane
mau uga wis ngnadani marang kekarone supya tenguk-tenguk wae anan omah wong ya
wis tua, dene kanggo mangan saben dinane ya ora usah dipikir merga kabeh bakal
dicukupi karo tangga sing dadi ananke mau. Nanging kekarone iseh wae emoh yen
namung tenguk-tenguk wae jarene iseh pengen usaha dhewe, alesane yen ning
omahnamung tenguk-tenguk awke padha kaku ora sehat. Dai ya tanggane mau namung
ngei wae nak pancen kekarepane padha ngono mau.
Yen
kekarone padha sumeng sing ngopeni uga tanggane kuwi mau, nggawa ning puskesmas
ning desa kono. Najan tanggane mau ya ekonomine pas-pasan nanging ya tetep
gelem biyantu, merga pancen wong sing apik. Merga tangga siji mau sing tansah
gelem ngrumati lan ngasehi.
Marang
siji lan sijine mbah kakung lan mbah putri uga padha ngrumati lan gemati maerga
ya tresnane padha gedhene. Dadi awet ijeh lagi-laginan dadi nganten nganti
seprene kekarone ya ijeh tetep romantis yen cara sebutane saiki. Ujian apa wae
ya tansah diadepi bareng-bareng wong loro.
Mulih
saka tegal wong loro mau banjur siram ngresiki awake lan kringete. Amerga ora
duwe nggon padusan dhewe dadi ya aduse ana ing sendhang sing jarake ya cedhak
karo omahe. Yen ora ngono uga melu adus ana omahe tanggane mau. Amerga mulihe
pancen sore dadhi rampung adus ora let suwe banjur bengi. Ing wayah bengi kuwi
kekarone rampung adus banjur mangan bareng ning dhuwur dipan tua sing dadi
nggon leyeh-leyeh kekarone, rampung mangan kekarone padha jagongan.
“Awake
dhwe kikepiye pakane wis saya tua ngene, ora dhuwe anak, lha terus suk nak kene
mati sing ngragati ki sapa? , mbah Putri sambat karo bojone.
“
Lha kepiye mbok wong ya pancen Gusti ngersakne kaya ngene ya awake dhewe kudhu
nrima garise pandhum. Ya kene padha dedaonga suk ana dalane dhewe.” Jawabe mabh
kakung.
“
Kiro-kiro anake dhewe angkat kae gelem pora ya pak? yen ngragti awake dhewe,
wong ya namung keluwarga kuwi sing peduli karo awake dhewe.” Pitakone meneh.
“aku
ya ora reti mbok, ning kene iki wis utang budi gedhe karo keluwarga kuwi, awkw
ora bisa mbales , namung bisa ngucap matursuwun ya mugi sing ning dhuwur dhewe
sing bales.” Jawab kanthi ati trenyuh.
“iya
pakane, amin. Aku y jaluke ngono.”
Let
suwe kekarone padha jethung meneng dhewe-dhewe nikiri terusane uripe. Ora suwe
banjur padha mapan turu.
Subuh
kentong wis nggugah, kekarone padha tangi banjur padha blayu sholat subuh ana
langgar cedhake. Rampung sholat mbah putri nyiapna sarapan lan kopi kanggo mbah
kakung. Mbah kakung uga ngopoeni wedhuse sing padha gembor jaluk mangan.
Sinambi nguweki mangan uga kandhane tansah diresiki larahane tansah diobongi ben
katon resik bisa dadi pedian kanggo wedhuse, pithike uga dipakani.
Namung
esuk kuwi mboh kenopo kog rampung makani ingon-ingone kog mbah kakung awake
ndadak dredeg lan semapot. Mbah putri
sing metu ning njaba kaget bojone gemlempang ora sadar banjur jaluk tulung tanggane kon mbantu
ngangkat.
Rampung
kuwi mbah kakung digawa ning puskesmas malah kandane dhoktere mbah Sumijan kena
lumpuh dadi uripe ya isane tenguk-tenguk. Krungu kaya ngono mbah putri nangisi
bojone. Sakwuse kedadeyan kuwi saiki penggeane mabh putri sansaya akeh amerga
ora direwangi bojone. Awet ning tegal, luru pakan, ngopemi ingon-ingonane kabeh
dicndhak dhewe.
Ngeti
kahanan sing kaya ngono tanggane mau san saya melas, banjur kandha marang mbok
putri supaya wedhuse didhol wae supayane ngringani penggeane. Wong wis tua tur
mbah kakung ya wis ora bisa ngrewangi. Mbah kakung uga ya nyetujuni yen wedhuse
didhol wae merga saake karo bojone. Nanging mbah Putri iseh emoh yen wedhuse
didhol. Dadine ya ora sido didhol.
Wayah
sore mbah putri sing weruh pakan wedhuse entek banjur pamit bojone arep luru
pakan. Bojone pesen “iyo mbok nanging ati-ati yen luru pakan, wong wis tua
ngetine ya wos rodho ora cetha.
Bar
kuwi banjur mangkat luru pakan, eh luru pakan kog weruh pethet ning dhuwur tebing
sing radha dhuwur nggone, eh mbah putri kog ndadak jupuk pakan kuwi mau. Karo
nggawa gantar mbah putri ngganthol pakan mau, eh kog ndilalah watu sing
dibanciki nggregel tiba mbah putri melu nggundhung ning jurang kuwi mau. Wong
sing dungu swara ge,bor mau banjur blayu luru sumber swarane mau, temune mbah
putri tibo banjur diparani lan dibopong
nuju omahe posisi ora sadar.
Mbah
Kakung sing weruh bojone dibopong kaget lan bingung kena apa bojone kuwi mau. Banjur dijelasna kabeh kedadeyane mau sing
mbah putri tiba. Pancen kabeh kersane Gusti Mbah Putri bengi kuwi dijupuk
nyawane marang gusti, mbah kakung tansah gembor kelangan kanca uripe sing setya
ngancani saben dinane. Tangga-tangga sing weruh kedadeyan mau padha melu
nangis.
Saiki
mbah kakung namung urip dhewekan kanthi sabar lan nampa pandhum, uripe dirumati
tanggane sing gemati mau. Kewane uga tansah didhol kabeh lan uripe ditanggung
tanggane mau. Pancen bener yen unen-unen tresanane digawa mati amerga let
seminggu mbah kakung uga dipundhut karo gusti nyusul bojone. Innalilahi
wainnalilahi rojiun. Saiki kekarone ketemu ana alam sing kekal ning kana. Mugia
kesetyaane dadi conto kanggo pasangan saiki.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar