PUPUH XII
S I N O M
S I N O M
01
Ambeke kang
wus utama, tan ngendhak gunaning jalmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi,
pintere den alingi, bodhone didokok ngayun, pamrihe den inaa, mring padha
padhaning jalmi, suka bungah den ina sapadha-padha.
Perilaku
orang yang telah mencapai tataran sempurna tidak akan membatasi atau mencela
kepandaian orang lain, kepandaiannya disembunyikan sedangkan kebodohannya
ditampilkan agar dihina, jangan sampai ada yang menyebutnya pandai, ia merasa
bahagia jika ada yang menghinanya
02
Ingsun uga
tan mangkana, balilu kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa, isin menek den
arani, balilune angluwihi, nanging tenanipun cubluk, suprandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.
Aku pun
tidak begitu, kebodohankulah yang aku tutupi dan kepandaianku yang aku
kedepankan karena malu jika disebut bodoh oleh orang lain, padahal aku bodoh
namun ingin disebut pandai sehingga tanpa sadar (aku) banyak bercerita bohong
03
Tur ta duk
masihe bocah, akeh temen kang nuruti, lakune wong kuna-kuna, lelabetan kang
abecik, miwah carita ugi, kang kajaba saking embuk, iku kang aran kojah,
suprandene ingsun iki, teka nora nana undaking kabisan.
Padahal
ketika aku masih kecil banyak yang bercerita tentang perilaku orang jaman dulu
mengenai pengabdian yang baik serta cerita, termasuk cerita yang tidak benar
adanya yang disebut dongeng, meskipun demikian, kepandaianku tidaklah bertambah
04
Carita
nggonsun nenular, wong tuwa kang momong dingin, akeh kang padha cerita, sun
rungokna rina wengi, samengko isih eling, sawise diwasa ingsun, bapa kang
paring wulang, miwah ibu mituturi, tatakrama ing pratingkah karaharjan.
Adapu cerita
yang kuberikan ini kuturunkandari orang tua yang mengasuhku dulu, banyak cerita
yang kudengarkan baik siang maupun malam sampai sekarang masih aku ingat.
Setelah aku dewasa, ayah yang memberiku nasihat, sedangkan ibu yang
mengingatkan tentang tata karma dan tingkah laku kebaikan
05
Nanging
padha estokana, pitutur kang muni tulis, yen sira nedya raharja, anggone
pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong sepuh-sepuh, mugi padha
bisa, anganggo pitutur iki, ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.
Namun
turitilah nasihat yang tertulis ini, jika kau menghendaki keselamatan,
laksanakan nasihat yang kuingat dari tetua, mudah-mudahan kalian dapat
melaksanakan nasihat ini, sebab ajaran orang tua akan membawa berkah
06
Lan aja
nalimpang madha, mring leluhur dhingin dhingin, satindake den kawruhan,
ngurangi dhahar lan guling, nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun, temene
kang sinedya, mungguh wong nedheng Hyang Widdhi, lamun temen lawas enggale
tinekan.
Dan jangan
ada yang berani mencela leluhur. Pahami laku berupa mengurangi makan dan tidur
dengan cara ‘menyakiti’ diri untuk membersihkan diri sehingga akhirnya tercapai
segala yang diinginkan. Adapun orang yang memohon kepada Yang Mahakuasa, cepat
atau lambat akan dikabulkan jika sungguh-sungguh.
07
Hyang sukma
pan sipat murah, njurungi kajating dasih, ingkang temen tinemenan, pan iku ujare
Dalil, nyatane ana ugi, nenggih Ki Ageng Tarub, wiwitira nenedha, tan pedhot
tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge kang tampa.
Bukankah
Yang Mahamulia itu memiliki sifat Mama Pemurah yang mengabulkan segala
keinginan yang sungguh-sunguh. Bukankah demikian yang dikatakan hadits.
Buktinya juga ada. Ki Ageng Tarub tak henti-hentinya memohon sehingga anak,
cucu, buyut, canggah, wareng ikut mewarisinya
08
Panembahan
senopatya, kang jumeneng ing Matawis, iku barang masa dhawuh, inggih ingkang
Hyang Widdhi, saturune lestari, saking berkahing leluhur, mrih tulusing
nugraha, ingkang keri keri iki, wajib uga niruwa lelakonira.
Panembahan
Senopati yang memerintah di Mataram pun berkesesuaian dengan dengan anugrah
Yang Mahaesa keturunasnnya berkuasa turun temurun dari berkah leluhur . agar
berkahmu lestari, seyogyanya kau ikuti laku
09
Mring
leluhur kina-kina, nggonira amati dhiri, iyasa kuwatanira, sakuwatira nglakoni,
cegah turu sathithik, lan nyudaa dhaharipun, paribara bisaa, kaya ingkang
dingin dingin, aniruwa sapretelon saprapatan.
Para leluhur
jaman dulu. ‘Menyiksa diri sudah barang tentu semampumu, semampu kau
melaksanakannya. Kurangi sedikit tidur dan makanmu. Tidak perlu meniru
seluruhnya perilaku leluhur, sepertiganya atau seperempat saja sudah cukup
10
Pan ana
silih bebasan, padha sinauwa ugi, lara sajroning kapenak, lan suka sajroning
prihatin, lawan ingkang prihatin, mana suka ing jronipun, iku den sinauwa, lan
mati sajroning urip, ingkang kuna pan mangkono kang den gulang.
Bukankah ada
peribahasa ‘belajarlah dalam nikmat, sakit dalam sehat, senang dalam
penderitaan, prihatin dalam kesukaan, dan matilah dalam hidup. Begitulah laku
orang jaman dulu
11
Pamore gusti
kawula, punika ingkang sayekti, dadine socaludira, iku den waspada ugi, gampange
ta kaki, tembaga lan emas iku, linebur ing dahana, luluh awor dadi siji, mari
nama tembaga tuwin kencana.
Perhatikan
pula manunggaling kawula gusti yangsesungguh-sungguhnya bagai sotyaludira (roh
suci). Secara sederhana, Anakku, emas dan tembaga itu lebur dalam api,
bercampur menjadi satu, hilanglah nama tembaga dan emasnya
12
Yen aranana
kencana, dene wus awor tembagi, yen aranana tembaga, wus kaworan kancanedi,
milanya den westani, aran suwasa punika, pamore mas tembaga, mulane namane
salin, lan rupane sayekti yen warna beda.
Jika
dinamakan emas sudah bercampur tembaga, jika disebut tembaga sudah bercampur
dengan emas, oleh karenanya disebutlak suasa yang merupakan campuran mas dan
tembaga. Adapun namanya berubah karena warna dan wujudya berubah
13
Cahya abang
tuntung jenar, puniku suwasa murni, kalamun gawe suwasa, tembaga kang nora
becik, pambesate tan resik, utawa nom emasipun, iku dipunpandhinga, sorote
pasthi tan sami, pan suwasa bubul arane punika.
Suasa murni
berwarna merah kekuning-kuningan . jika membuat suasa dengan tembaga yang tidak
baik, pegolahannya tidak bersih, atau masnya muda, maka tidak akan
bercahaya, namanya pun suasa bubul
14
Yen sira
karya suwasana, darapon dadine becik, amilihana tembaga, oliha tembaga prusi,
biresora kang resik, sarta masira kang sepuh, resik tan kawoworan, dhasar sari
pasti dadi, iku kena ingaranan suwasa mulya.
Jika kau
ingin membuat suasa yang baik, pilihlah tembaga yang baik, syukur-syukur jika
mendapatkan tembaga prusi, diolah dengan bersih, emas tua dengan dasar sari
yang tidak tercampuri, hasilnya adalah suasa mulia
15
Puniku mapan
upama, tepane badan puniki, lamun karsa ngawruhana, pamore kawula Gusti,
sayekti kudu resik, aja katempelan napsu, luwamah lan amarah, sarta suci lahir
batin, pedimene apan sarira tunggal.
Itu hanyalah
sebuah perumpamaan sebagai ukuran badan ini. Jika kau ingin memahami
manunggaling kawula gusti, sesungguhnya harus bersih, jangan terhinggapi nafsu
lawamah dan nafsu amarah, serta suci lahir batin agar jiwamu hening
16
Lamun
mangkonoa, sayektine nora dadi, mungguh ilmu kang sanyata, nora kena den
sasabi, ewoh gampang sayekti, punika wong darbe kawruh, gampang yen winicara,
angel yen durung marengi, ing wetune binuka jroning wardaya.
Jika tidak
demikian, yakinlah tidak akan terjadi. Mempelajari ilmu yang sejati didak boleh
diduakan. Bagi yang belum memperoleh pengetahuan memang repot jika tidak
sungguh-sunguh. Mudah berbicara namun sulit jika belum terbuka
17
Nanging ta
sabarang karya, kang kinira dadi becik, pantes yen tinalatenan, lawas-lawas bok
pinanggih, den mantep ing jro ngati, ngimanken tuduhing guru, aja uga bosenan,
kalamun arsa udani, apan ana dalile kang wus kalawan.
Namun
demikian, segala hal yang diperkirakan baik, itu layak jika kau tekuni,
lama-kelamaan juga akan kau temukan dan menetap dalam hatimu. Yakini petunjuk
guru, jangan cepat bosan jika hendak mencapai kemuliaan karena memang
demikianlah hukum yang sudah tertuang dalam dalil
18
Marang
leluhur sedaya, nggone nenedha mring Widhi, bisaa ambabonana, dadi ugere rat
Jawi, saking telateneki, nggone katiban wahyu, ing mula mulanira, lakune
leluhur dingin, andhap asor anggone anamur lampah.
Seluruh
leluhur jaman dulu dalam memohon kepada Yang Mahakuasa agar dapat menguasai
Negara dan menjadi pusat tanah Jawa diperolehnya melalui wahyu karena mereka
rendah hati dalam melaksanakan laku
19
Tampane
nganggo alingan, pan padha alaku tani, iku kang kinaryo sasap, pamriha aja
katawis, jub rina lawan kabir, sumungah ingkang den singkur, lan endi kang
kanggonan, wahyune karaton Jawi, tinampelan anggape pan kumawula.
Laku
dilaksanakan secara diam-diam sambil bertani. Sikap seperti itu dilakukan agar
tidak kentara serta bersikap tidak menyombongkan kemampuan diri bahkan mau
mengabdi kepada siapapun yang memperoleh wahyu keraton jawa.
20
Punika laku
utama, tumindak sarto kekaler, nora ngatingalke lampah, wadine kang den alingi,
panedyane ing batin, pan jero pangarahipun, asore ngemurasa, prayoga tiniru
ugi, anak putu aja ana ninggal lanjaran.
(penyamaran)
Itulah laku yang utama, tidak menampakkan bahwa ia sedang menjalankan laku,
sehingga yang disamarkan itu merupakan cita-cita tersembunyi dalam hati, jauh
dikejar karena di situlah manungaling kawula gusti mencapai kedalaman. Hal
demikian baik jika ditiru, Anak cucuku agar tidak kehilangan keturunan
21
Lan maning
ana wasiyat, prasapa kang dingin dingin, wajib padha kawruhana, anak putu
ingkang kari, lan aja na kang wani, nerak wewaleripun, marang leluhur padha,
kang minulyakaken ing Widdhi, muga-muga mufaatana ing darah.
Dan ada lagi
wasiat berupa tabu yang terucap pada jaman dulu. Wajib kau ketahui sebagai anak
cucu yang terakhir, dan jangan ada yang berani melanggar tabu leluhur yang
dimuliakan oleh Yang Mahaesa. Mudah-mudahan bermanfaat bagi keluarga besar
22
Wiwitan
ingkang prasapa, Ki Ageng Tarup memaling, ing satedhak turunira, tan linilan
nganggo keris, miwah waos tan keni, kang awak waja puniku, lembu tan kena
dhahar, daginge pan nora keni, anginguwa marang wong wadon tan kena.
Yang pertama
kali mengucapkan tabu adalah Ki Ageng Tarub. Ia berpesan agar keturunannya
tidak mengenakan keris dan tumbak yang terbuat dari baja, tidak boleh makan
daging sapi, dan tidak boleh memelihara abdi perempuan wandan
23
Dene Ki
ageng Sela, prasape ingkang tan keni, ing satedhak turunira, nyamping cindhe
den waleri, kapindhone tan keni, ing ngarepan nandur waluh, wohe tan kena
dhahar, Panembahan Senopati, ingalaga punika ingkang prasapa.
Adapun Ki
Ageng Sela mengucapkan tabu, bahwa keturunannya tidak diperbolehkan berkain
cindai, tidak diperbolehkan menanam labu di depan rumah dan tidak boleh memakan
buahnya. Panembahan Senapati Ingalaga mengucapkan tabu
24
Ingkang
tedhak turunira, mapan nora den lilani, anitiha kuda napas, lan malih dipun
waleri, yen nungganga turangga, kang kakoncen surinipun, dhahar ngungkurken
lawang, wuri tan ana nunggoni, dipun emut punika mesthitan kena.
Bahwa
keturunannya tidak diperkenankan mengendarai kda berwarna abu-abu
kekuning-kuningan dan dilarang menunggang kuda yang surainya dikepang, makan
membelakangi pintu kecuali di belakangnya ada yang menjaga. Ingatlah dan jangan
ada yang melanggar itu
25
Jeng Sultan
Agung Mataram, apan nora anglilani, mring tedhake yen nitiha, kapal bendana yen
jurit, nganggo waos tan keni, lamun linandheyan wregu, datan ingaken darah, yen
tan bisa nembang kawi, pan prayoga satedake sinauwa.
Kanjeng
Sultan Agung Mataram mengucapkan tabu bahwa keturunannya tidak diperkenankan
menunggang kyda yang rewel jika diajak bertempur, tidak memperkenankan tumbak
ang bergagang kayu wregu vserta tidak akan diakui sebagai keturunan (Mataram)
jika tidak dapat membaca tembang kawi dan mengharuskan belajar tembang kawi
26
Jeng Sunan
Pakubuwana, kang jumeneng ing Samawis, kondur madek ing Kartasura, prasapanira
anenggih, tan linilan anitih, dipangga saturunipun, Sunan Prabu Mangkurat,
waler mring saturunreki, tan rinilan ujung astana ing Betah.
Kanjeng
Sunan Pakubuwana yang dilantik di Semarang kemudian berkuasa di Kartasura
mengucapkan tabu bahwa keturunannya tidak diperbolehkan menunggang gajah. Sunan
Prabu Amangkurat mengucapkan tabu bahwa keturunannya dilarang berziarah ke
makam Butuh
27
Lawan tan
kena nganggowa, dhuwung sarungan tan mawi, kandelan yen nitih kuda, kabeh aja
na kang lali, lawan aja nggogampil, puniku prasapanipun, nenggih Kang jeng
Susunan, Pakubuwana ping kalih, mring satedhak turunira linarangan.
Jika sedang
menungang kuda tidak boleh menyandangkeris tanpa pendhok. Janganlah kau
meremehkan tabu-tabu di atas. Adapun Kanjeng Susuhunan Pakubuwana II
mengucapkan tabu bahwa keturunannya dilarang
28
Dhahar apyun
nora kena, sinerat tan den lilani, nadyan nguntal linarangan, sapa kang padha
nglakoni, narajang waler iki, pan kongsi kalebon apyun, pasti keneng prasapa,
linabakken tedhakneki, Kanjeng Sunan ingkang sumare Nglawiyan.
Madat, baik
dihisap maupun dimakan. Barang siapa melanggar tabu dengan madat akan
dikeluarkan dari daftar keturunan Kanjeng Sunan yang dimakamkan di Laweyan
29
Prasapa
Kangjeng Susunan, Pakubuwana kaping tri, mring satedhak turunira, apan nora den
lilani, agawe andel ugi, wong sejen ing jinisipun, apan iku linarangan, anak
putu wuri-wuri, poma aja wani anrajang prasapa.
Adapun
Kanjeng Susuhunan III mengucapkan tabu bahwa keturunannya tidak diperbolehkan
mengangkat orang kepercayaan yang bukan berasal dari bangsa sejenis, serta anak
cucu tidak diperkenankan melanggar larangan
30
Wonten waler
kaliwatan, saking luhur dingin dingin, linarangan angumbaha, wana
Krendhawahaneki, dene kang amaleri, Sang Danan Jaya rumuhun, lan malih
winaleran, kabeh tedhak ing Matawis, yen dolana mring wana tan kena.
Masih ada
tabu leluhur ang terlewat, yaitu dilarang merambah Hutan Krendhawana. Adapun
yang mengucapkan tabu tersebut adalah Dananjaya. Ada lagi tabu bagi keturunan
Mataram, yaitu tidak diperkenankan bermain-main di hutan atau rawa-rawa
31
Dene
sesirikanira, yen tedhak ing Demak nenggih, mangangge wulung tan kena, ana kang
nyenyirik malih, bebet lonthang tan keni, yeku yen tedhak Madiyun, lan payung
dadaan abang, tedhak Madura tan keni, yen nganggowa bebathikan parang rusak.
Adapun tabu
bagi keturunan Demak adalah mengenakan pakaian berwarna ungu, tabu keturunan
Madiun adalah kain panjang luntang dan paying berhias merah, tabu keturunan
Madura adalah mengenakan batik bermotif parang rusak
32
Yen tedhak
Kudus tak kena, yen dhahara daging sapi, yen tedhak Sumenep iku, nora kena
ajang piring, watu tan den lilani, lawan kidang ulamipun, tan kena yen dhahara,
miwah lamun dhahar ugi, nora kena ajang godhong pelasa.
Keturunan
Kudus tidak boleh makan daging sapi, keturunan Sumenep tidak diperkenankan
makan dengan piring batu, makan daging kijang, dan dilarang menggunakan daun
plasa sebagai alas makan
33
Kabeh anak
putu padha, eling-elingan ywa lali, prasapa kang kuna-kuna, wewaler leluhur
nguni, estokna away lali, aja nganti nemu dudu, kalamun wani nerak, pasti tan
manggih basuki, Sinom salin Girisa ingkang atampa.
Semua abak
cucu, camkan dan jangan lupa tabu zaman kuno warisan leluhur, patuhilah jangan
sampai ada yang melanggar. Barang siapa berani melanggar pasti tidak akan
selamat dan yang mendengar ini supaya giris (girisa merupakan isyarat pola
tembang berikutnya, yaitu girisa)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar