Selasa, 15 Desember 2015

Novel Kumandanging katresnan



Lakuning Tresna Ana  Kumandanging Katresnan

     Crita iki nrenyuhake ati sing maca. Amerga isi novel iki katresnan ingkang ora kelakon.    Yaiku tresnane R.Sukmana marang R.A Tien Tisnowati. Maune kenale nomnoman loro mau yo mung lugu bae. Nanging lawasing lawas pada tukul rasa katresnanan, nanging hubungan mau ora direstui marang keluargane R.A. Tien Tisnowati. Amarga R.A. Tien Tisnowati darahing ngaluhur, R. Sukmana mung wong lumrah, tur anak randha pisan gek ora duwe.
  Malah R.A Tien Tisnowati arep dijodohke karo R.M Purwodirjo wong tuane. Dungu kabar kuwi Sukmana awake krasa lemes lan samplah, wasana saking sedihe nganti nangis. R Sukmana saben dino mung deleg deleg memelasi ora doyan mangan, awake tambah kuru marga saka banget mikire menyang R.A Tien Tisnowati. Malah deweke nekad bunuh diri untunge wae weruh ibune.
 Ora let suwe Sukmana ketemu Siti Kurniasih. Maune R. Sukmana ora duwe rasa apa – apa karo Siti Kurniasih, ora let suwe R. Sukmana banjur duwe rasa katresnan marang Siti Kurniasih. Suwening – suwe, lam oleh palilahe wong tuwane sakarone dede Siti Kurniasih banjur di pek bojo. Bareng let sathun anggone jejodohan banjur pinaringan momongan lanang, dijenengake Sutrisna. Nanging durung tutug enggone jejodohan nalika Sutrisna lagi umur setengah tahun. Dedeh Kurniasih banjur tinggal donya, merga lara disentri. Akhire deweke ketemu R.A Tien Tisnowati meneh, namung awake rusak ora kerawat.
Ing crita ngandung pesen menawa pancen bener yen tresna kuwi ora kudu dadi duwekke, mula kudu siap nampa kodrat sing wis di tentukna Gusti. Nanging sing paling penting kudu madhep mantep yen nglakoni apa wae. Mesthi  wae bakale asile ya migunanae awakw dewe lan bisa menehi manfaat marang aweke dewe uga bisa manfaati wong liya mbarang.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar