PUPUH IV
P A N G K U R
P A N G K U R
01 Sekar pangkur kang winarna,
lelabuhan kang kanggo wong ngaurip, ala lan becik puniku, prayoga kawruhana,
adat waton puniku dipunkadulu, miwah ingkang tata krama, den kaesthi siyang
ratri.
Nasihat
ini dibalut dengan tembang Pangkur. Seyogyanya kau memahami hakikat pengabdian
bagi kehidupan, tentang baik dan buruk perlu kau ketahui. Pahami pula ada dan
aturan, serta siang malam jangan kau lupakan tata krama
02 Deduga lawan prayoga, myang watara
reringa aywa lali, iku parabot satuhu, tan kena tininggala, tangi lungguh
angadeg tuwin lumaku, angucap meneng anendra, duga-duga nora kari.
Jangan kau
lupakan pertimbangan, boleh sedikit curiga karena hal itu merupakan (keharusan)
yang tidak boleh kau lupakan, baik ketka sedang terjaga, duduk, bangun, maupun
berjalan, diam, berbicara, maupun tidur (jangan lupakan nalar).
03 Miwah ta sabarang karya, ing prakara
kang gedhe lan kang cilik, papat iku aja kantun, kanggo sadina-dina, rina wengi
nagara miwah ing dhusun, kabeh kang padha ambegan, papat iku aja lali.
Demikian
pula pertimbangan empat perkara dalam segala hal baik yang besar maupun yang
kecil jangan kau lupakan, terapkan sehari-hari, siang atau malam, di kota
maupun di desa. (Hal ini berlaku) untuk semua makhluk yang bernapas.
04 Kalamun ana manusa, anyinggahi dugi
lawan prayogi, iku watake tan patut, awor lawan wong kathah, wong degsura
ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak-pedhak, nora wurung neniwasi.
Jika
ada manusia yang melupakan pertimbangan nalar, itu tak patut berbaur dengan
orang banyak. Janganlah kau dekati orang yang tak tahu adat dan hanya menuruti
kemauannya sendiri, (orang seperto itu) akan membawa kehancuran.
05
Mapan watake manusa, pan ketemu ing laku lawan linggih, solah muna-muninipun,
pan dadi panengeran ingkang, kang apinter kang bodho miwah kang luhur, kang
sugih lan kang melarat, tanapi manusa singgih.
Ciri
perilaku manusia itu tampak dari bagaimana varanya berjalan dan duduk,
tindak-tanduk dalam berbicara. Meskipun orang itu pandai atau bodoh, berderajat
tinggi atau hina, kaya atau miskin
06 Ulama miwah maksiyat, wong kang
kendel tanapi wong kang jirih, durjana bebotoh kaum, lanang wadon pan padha,
panitike manusa wateke wewatekipun, apa dene wong kang nyata, ing pangawruh
kang wus pasthi.
Ulama atau
penjahat, pemberani maupun penakut, pencuri maupun bebotoh, atau lelaki maupun
perempuan semua memiliki ciri-ciri yang sama.
07 Tinitik ing solah muna, lawan muni
ing laku lawan linggih, iku panengeran agung, winawas ginrahita, pramilane ing
wong kuna-kuna iku, yen amawas ing sujanma, datan kongsi mindho gaweni.
Terlihat
dari tindak-tanduk, berbicara, berjalan, dan duduk, itu cirri utama yang mudah
diketahui dan dirasakan. Oleh karena itu, orang jaman duu tidak pernah salah
dalam menilai orang.
08 Masa mengko mapan arang, kang
katemu ing basa kang basuki, ingkang lumrah wong puniku, dhengki srei lan dora,
iren meren dahwen pinasten kumingsun, opene nora prasaja, jail mutakil bakiwit.
Masa
sekarang, sangat sulit menemukan perilaku yang baik. Umumnya (manusia sekarang)
itu dengki, serakah, dan pembohong, malas, iri, senang encela, sombong, tidak
jujur, jahil, banyak curiga, dan curang
09 Alaning liyan den andhar, ing
becike liyan dipunsimpeni, becike dhewe ginunggung, kinarya pasamuan, nora
ngrasa alane dhewe ngendhukur, wong mangkono wateknya, nora kena denpedhaki.
Kejelekan
orang lain disebarluaskan, sementara kebaikan (orang lain) disembunyikan,
kebaikannya sendiri disanjung-sanjung dan dibicarakan dalam pertemuan, tidak
merasa kejelekannya sendiri bertumpuk. Orang yang bertabiat seperti itu tidak
layak kau dekati.
10 Iku wong durjana murka, nora nana
mareme jroning ati, sabarang karepanipun, nadyan wusa katekan, karepane nora
mari saya banjur, luwamah lawan amarah, iku kang den tut wuri.
Orang
seperti itu disebutpenjahat serakah, tidak pernah merasa puas meskipun
semua keinginannya telah terpenuhi, kemauannya tidak ernah berhenti, malah
semakinmenjadi-jadi, menurutkan hawa nafsu lawamah dan amarah.
11 Ing sabarang tingkah polah, ing
pangucap tanapi lamun linggih, sungkan asor ambekipun, pan lumuh kaungkulan,
ing sujanma pangrasane dhewekipun, nora nana kang memadha, angrasa luhur
pribadi.
Segala
tingkah laku, dalam berbicara maupun duduk, tabiatnya tidak mau dikalahkan oleh
orang lain, tidak mau ada yang menyamai, ia merasa dirinya paling tinggi.
12 Aja nedya katempelan, ing wewatek
kang tan panates ing budhi, watek rusuh nora urus, tunggal lawan manusa, dipun
sami karya labuhan kang patut, darapon dadi tuladha, tinuta ing wuri.
Jangan
sampai kau dihinggapi tabiat yang tidak pantas karena perilaku jahat seperti
itu tidak patut disandang manusia. Seyognya berbuatlah kebajikan sehingga
menjadi suri teladan dan panutan di kemudian hari.
13 Aja lunyu lemer genjah, angrong
pasanakan nyumur gumuling, ambubut arit puniku, watek datan raharja, pan wong
lunyu nora pantes dipunenut, monyar-manyir tan anteban, dela lemeran puniku.
Janganlah
bersikap lunyu lemer genjah, angrong pasanakan nyumur gumuling, dan ambubut
arit karena sifat itu tidak akan menyelamatkanmu, tidak patut kau anut.
Watak lunyu itu artinyakata-katanya tidak bisa dipegang, sedangkan sifat lemer
14 Para penginan tegesnya, genjah iku
cak-cekan barang kardi, angrong pasanak liripun, remen ulah miruda, mring
rabine sadulur miwah ing batur, mring sanak myang prasanakan, sok senenga den
ramuhi.
Adalah mudah
tergiur sesuatu. Genjah artinya senang berkata jorok, angrong pasanakan artinya
senang berselingkuh dengan istri orang, dan jika sudah mencintai istri sahabat
atau kerabat harus terlaksana.
15 Nyumur guling linira, ambeladhah
nora duwe wewadi, nora kene rubung-rubung, wewadine den umbar, mbuntut arit
punika pracekanipun, ambener ing pangarepan, nanging nggarethel ing wuri
Nyumur
gumuling artinya tidak dapat menyimpan rahasia, jika mendengar kabar (meskipun
sebagian) langsung disebarluaskan. Mbuntut arit artinya di awal terdengar baik
tapi menggerutu di belakang.
16 Sabarang kang dipun ucap, nora
wurung amrih oleh pribadi, iku labuhan patut, aja na nedya nulad, ing wateking
nenem prakara punika, sayogyane ngupayaa, lir mas tumimbul ing warih.
Semua yang
diucapkannya hanya untuk keuntungan diri sendiri. Hal itu bukan kebajikan yang
baik, dan jangan ada yang meniru keenam sifat di atas. Seyogyanya berlakulan
seperti emas yang tersembul di permukaan. (mas tumimbul merupakan isyarat pola
tembang berikutnya yaitu maskumambang).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar