Bu
Nur wis telung tahun iki lunga ning Arab Saudi, anggone lunga ning Arab merga
kanggo nguripi anake wong loro kae lanang lan wedhok sing ana ning Desa. Bojone
pancen wis ora peduli karo keluragane malah saiki wis duwe bojo anyar meneh.
Pancen wis nasibe Bu Nur ntuk bojo sing ora tanggung jawab.
Wiwit
omah-omah kawet biyen nganti seprene dhweke ora tau dikayani bojone, ananging
ngadepi bojone sing kayak ngono, dheweke ora tau wadol marang wong tuane utawa
mara tuane, kabeh dipendhem dhewe lan dlakoni dhewe amerga wis dadi pilihane ndek biyen. Wiwit
biyen anggone urip pancen usaha dhewe ra ketang dodhol palawija tandurane
tinggalan wong tuane.
Wektu
kuwi pernah dheweke diusir saka omahe bojone, mbuh perkara apa, karo anake
wonge lunga lan turu ning gubug tengah sawah, banjur makane weruh lan banjur
ditangisi karo dijak mlebu omah. Pancen abot sanggane uruipe Bu Nur kuwi mau.
Saiki
dheweke duwe tekad lunga ning luar negeri karo kanca kampunge, kanthi tekad
sing gedhe mangkat ning Arab Saudi.dene anak-anake dititipke ning mbahe, yen
kerjane wis ntok bayaran dikirim ning omah kanggo kebutuhan sedina-dinane.
Najan atine lara aduh karo anake namung kabeh dilakoni amerga kanggo nyukupi
kebutuhane, pancen bojone wis ora peduli meneh karo awake karo anaka-anake.
Wiwit
kuwi dheweke dadi wanita sing kuat lan mandiri kabeh-kabeh sajak dicekel dhewe
ora gantungke marang bojone lan wong tuane. Bojone saiki wis kawin karo wong
wedhok liya, dhhasar wong lanang kuwi ora nduwe ati lan wis ora kaya manungsa.
Wektu dadi bojone Bu Nur tansah diseksa, kerep dikepruki lan diuneni sing
ora-ora. Nanging Bu Nur pancen wanita sing tegar kabeh mau diadepi kanthi ati
sabar lan tawakal.
Wiwit
kuwi anake sing nomer siji lanang wis gedhe ya melu nyambutgawe ra ketang dadi
kuli bangunan, dadi ya iso ngurangi bebane keluwarga. Adine sing iseh sekolah
SMP uga wis ngerteni keadaane keluwargane mula ya melu prihatin, senajan ning
sekolahan sok dinyeki kanca-kancane amerga ora bapake sing gak tanggung jawab,
nanging dheweke ya wis biyasa lan ora isin maneh. Pancen pas awal-awal dheweke
jengkel lan kadhang ya sok isin lan tekan omah nangis wadhol mbahe.
Pancen
ngunukwi rasane duwe keluwarga sing berantakan, naging ya syukur ibune iseh
gelem ngrumati lan rela terjun ning luar negeri kanggo luru rejeki. Mula
kekarone ya tansah syukur. Mbahe uga saben din ngandani putu-putune supaya dadi
anak sing bekthi marang wong tua , ya senajan wong tua lanange wis ora peduli
karo anak-anake, tapi kayak apap wae wateke wong kuwi pancen wong tuane ya
tetep diajeni. Yen ketemu ning dalan uga seneng ngloroi nanging bapake malah
mlengos. Wis kuwi pancen sangking kejeme wong tua sing kayak ngono. Wong tua
asli nanging kayak bapak tiri.
Wis
Telung tahun Bu Nur ora bali niang kampung, ning rencanane tahun ngarep arep
mulih. Du gu kabar sing kayal ngono uga mbah lan anak-nake seneng banget merga
saking kangene wis tahunan ora kepethuk. Eh ndilalah tahun sing dienteni teka
temenan. Bu Nur mulih saka Arab tekan kampung wong-wong sajak kaget kabeh lan
podho ngeti mudune Bu Nur saka tumpakan mobil karo nggawa kpoer gedhi-gedhi
saka gawan Arab mesthine.
Anak-anake
sing weruh ibue mulih uga seneng banget banjur padha blayuni ibuke lan padha
ngrangkul karo luh sing padha nettes ning pipine. Kethok yen kabeh padha seneng
banget karo tekane ibune, Banjur mlebu omah lan koper-koper tansah dicangking.
Bojone
sing weruh bojone kok mulih lan tansah tambah ayu lan lemu kok seneng meneh
karo bojone sing biyen dissia-siana biyen. Dheweke marani ning omahe lan jaluk
ngapura yo ora kepingen urip wong loro meneh. Nanging saking gelane ati merga
kelakuane biyen ning awke, dheweke banjur nolak , nanging ya tetep dingapura
naging ora dikei kesempatan kanggo urip bareng meneh.
Saiki
Bu Nur uga wis ntok bojo anyar sing sugih, tanggung jawab, sing gemati karo
dhweke lan anak-anake. Saiki Bu Nur wis urip anyem, tentrem lan raharjo karo
bojone sing anyar.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar