PUPUH I
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
01 Pamedare wasitaning ati, cumanthaka
aniru Pujangga, dhahat mudha ing batine, nanging kedah ginunggung, datan wruh
yen keh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, turur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita.
Uraian
nasihat ini bermula dari kelancangan hati berniat meniru para pujangga, padahal
(aku) sangatlah bodoh. Tetapi karena ingin disanjung, tidak tahu jika kelak
banyak yang mencibir. Memaksakan diri untuk menciptakan, (meski) dengan bahasa
yang kacau balau bahkan tersia-sia, namun (hal ini) kususun dengan teliti dan
sabar, semoga isyarat ini menjadi jelas.
02 Sasmitaning ngaurip puniki, apan
ewuh yen nora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang ngaku-aku, pangrasane
sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.
Isyarat
dalam kehidupan ini, tidak mungkin kau pahami jika kau tak mengetahuinya, tidak
akan memiliki ketenangan dalam hidupnya. Banyak yang mengaku dirinya sudah
memahami isyarat (dalam hidup), padahal belum mengolah rasa, inti dari rasa
yang sesunguhnya. Oleh karena itu, berusahalah (memahami makna rasa itu), agar
sempurna hidupmu.
03 Jroning Kur’an nggonira sayekti,
nanging ta pilih ingkang uninga, kajaba lawan tuduhe, nora kena den awur, ing
satemah nora pinanggih, mundak katalanjukan, temah sasar-susur, yen sira ayun
waskita, sampurnane ing badanira, punika sira anggegurua.
Di dalam
Al-Quran tempatmu mencari kebenaran sejati, hanya yang terpilih yang akan
memahaminya ,kecuali atas petunjuk-Nya. Tiadk boleh dicampur-adukan, tak
mungkin kau temukan (kebenaran isyarat), bahakan kau semakin tersesat. Jika kau
menghendaki kesempurnaan dalam dirimu, maka bergurulah.
04 Nanging yen sira ngguguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing
kukum, kang ngibadah lan kang ngirangi, sukur oleh wong tapa, ingkang wus
amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana kaki, sartane
kawruhana.
Meskipun
begitu, jika engkau berguru, Nak. Pilihlah guru yang sebenarnya, tinggi
martabatnya, memahami hukum, dan rajin beribadah. Syukur-syukurjika kau temukan
seorang pertapa yang tekun dan tidak mengharapkan imbalan orang lain, dia
pantas kau gurui. Serta ketahuilah
05 Lamun ana wong micareng ngelmi, tan
mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana
dipun baresih, limbangen lan kang patang, prakara rumuhun, dalil qadis lan
ijemak, myang kiyase papat iku salah siji, anaa kang mupakat.
Jika seseorang
berbicara tentang ilmu, tetapi tidak sesuai dengan empat hal, janganlah engkau
terlalu cepat menganggap benar adanya. Saringlah agar bening dan ukurlah dengan
empat hal, yaitu dalil, hadis, ijmak, dan kiyas. Salah satu dari keempat hal
itu harus ada yang sesuai.
06 Nora kena lamun den antepi, yen
ucula sing patang prakara, nora enak legetane, tan wurung ningal wektu,
panganggepe wus angengkoki, nora kudu sembahyang, wus salat katengsun, banjure
mbuwang sarengat, batal karam nora nganggo den singgahi, bubrah sakehing
tata.
Tidak boleh
kau terima (isyarat) jika lepas dari empat hal tadi, karena biasanya tidak
baik. (kau akan) merasa sudah menjalankan ‘laku’ sehingga yidak harus
sembahyang, akhirnya meninggalkan syariat, tidak perlu tahu mana yang haram dan
batal. Hal itu akan merusak aturan.
07 Angel temen ing jaman mangkin,
ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong njaja ngelmune, lan arang ingkang
manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawene sarak, den arani luput,
nanging iya sasenengan, nora kena den uwor kareping janmi, papancene priyangga.
Memang sulit
mencari seseorang yang patut kau gurui di zaman ini. Banyak yang menjajakan
ilmu tetapi jarang yang mengikutinya. Jika seseorang berilmu dan menjalankan
lakunya dengan benar, malah dianggap salah. Namun itu hak masing-masing,
tidak boleh kau samakan keinginan orang, masing-masing memiliki perbedaan.
08 Ingkang lumrah ing mangsa puniki,
apan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik tingale, kang wus lumrah karuhun,
jaman kuna mapan si murid, ingkang padha ngupaya, kudu anggeguru, samengko iki
tan nora, Kyai Guru naruthuk ngupaya murid, dadiya kanthinira.
Yang biasa
terjadi pada masa kini adalah guru yang mencari murid, itu tampak sangat ironis
dengan kebiasaan yang terjadi di masa lalu. Zaman dulu murid yang berusaha
mencari dan harus berguru, sekarang tidak begitu, malah guru yang ke sana ke
mari mencari murid. Jadikan sebagai pengangan (kanthinira merupakan isyarat
pola tembang berikutnya, yaitu Kinanthi).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar