Selasa, 15 Desember 2015

Geguritan



1.      UDAN DERES
Udan sing saya deres kae
Tansah nyadarake
Gedhene kersane gusti
Gumawe luh iki tansah mili
            Saya sedhih ati iki
            Ngrasakna dosa sing dak lakoni
            Wiwit esuk nganti wengi
            Dadi kerjaan saben dina
Apa pantes awak iki
Mlebu suwarga sing agung kae
Sing jare saking gedhene nikmate
Sing diarep-arep kabeh manungsa ing donya
2.      GRIMIS WAYAH WENGI
Sumringah rasaning ati
Kesiram grimis ing wayah wengi
Ati sing suwe alum
Saiki nuwuhke bahagya
            Syukur syukur ora kapetung
            Urip dadi raharja
            Bareng-bareng tansah krasa mulya
            Bareng kanca uga kaluwarga
3.      KULIYAH
Awak iki kudu ngrumangsani
Saka ngendi aku iki
Janjane sapa aku iki
Apa tujuanku rene iki
Apa sing bakal tak goleki
            Nanging kabeh kuwi kadhang lali
            Malah- malah seneng nyombongna ati
            Nglalekna jatidiri
            Lali marang tujuane
            Tansah seneng-seneng karo kancane
Apa ora kelingan wong omah
Sing susah payah golek duwet kuliyah
Ados kringet ana tengah sawah
Tetep iklas najan awak sayah
4.      TIYANG SEPUH
Ana kene aku kelingan
Tiyang sepuh kula ana kampung halaman
Saben dina sing tansah nyayang-nyayang
Biyen cilik senengane ngudhang
            Ora krasa luh iki netes
            Kangen iki dadi kanca
            Bengi rina namung bisa kirim donga
            Mugi gusti paring raharja

5.      IMPEN
Uwis samesthine
Yen wong urip duweni impen
Duweni kepenginan
Sing bakal dadi tujuan
Tujuan ing panguripan
            Nanging ora kabeh ngipi ora bisa kawujud
            Mulo kuwi kudu nguwatna ati
            Kudu trima ana ing pandum  
            Gusti duwe rencana sing luwih gedhe
            Sing luweh reti tinimbang dhewe
6.      ASMA
Tumurune saka wongtua
Duwe kekarepan sing bedha-bedha
Ora pada kaliyan liyan
Gumantung marang tujuan
            Asma sing kacipta
            Diparengna marang anak sing ditresna
Wujuding donga marang anak
Supaya ing donya urip kepenak

Tidak ada komentar:

Posting Komentar