Minggu, 06 Desember 2015

Geguritan


     BUDAYA JAWA

Suwe-suwe kog saya dilalekke

Ditundhung kabudayan anyar

Digerus karo majune jaman

Disepelekke para tiyang

            Ana ngendi para mudha sing bela budaya jawa

            Sing disebut tonggak masa depan

            Generasi sing diunggulke

            Sing gothong jenenge bangsa

Budaya jawa mesakkke nasibmu

Saya ilange jati diri jawa

Ana ing ngendi pra wong  jawa

Sing kudune nguri-nguri budaya jawa
PEGA MAUT
Negara sing tak tresna

Saiki kaserang pega

Ora kerana kena awan mega

Nanging bumi iki tansah bruwet

            Sing ngobong ora rumangsa

            Kaya maling ora duwe dosa

Keliyaran karpe dewe

Ora anan sing nemukke

Kanca sadulurku

Tabahna atimu

Gusti Allah ora sare

Sing kejam bakal kena walakke
  TETES LUHKU
Luh iki tansah brebes mili

Teles kebes nganyepi pipi

Aku rumangsa dosa

Durung bisa bales jasa wong tua

            Ati iki tansah isin

            Namung nggandhul marang sepuh

            Kapan aku bisa balas bekthi

            Kapan aku bisa nyenengna ati

Tekating ati iki

Kepengen gemati

Kepengen gawe anyeming ati

Mugi gusti ngersani
  GUBUG TUA
Nadyan gedhene ora sepira

Nangis dadi tentreme jiwa

Dadi papan kumpule keluarga

Papan ngiyup saben dina

            Udan panas dadi kanca

            Angin sumibrit ngademke ati

            Payon godhong dadi iasan

            Jogan lemah dadi tilasan

Ing gubug tua iki aku dirumati

Dijaga kanthi gemati

Diopeni kanthi gemati

Gawe seneng rasa ati iki 
      ALAM DONYA
Lathi iki tansah ora bisa ngucap
Awak iki tansah kaku
Rasa iki namung gumun
Mripat iki mentheleng mandeng
            Endahing alam dunya iki
            Kabeh ciptane Gusti
Ati iki tansah syukur
Merga nikmat kang ora kaukur
Ning jero endahing bumi iki
Meksa anan sing tega nyilaakani
Gaweane namung ngrusaki
Ora gelem melu ngrumati
            Saiki dadi tugase mudha
            Kepiye nyikapi sing ana
            Sing ala-ala disingkirna
            Sing becik dijaga
 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar