Godhaning Omah-omah
Keluargane
Pak Sarto pancen keluwarga sing harmonis, keluwargane sing cacahe ana wong lima
kuwi sajak tentrem ayem. Anggone omah-omah pancen wis swe alangan lan godhaning
omah-omah ya wis dadi tantangan sing biyasa ditemoni, nanging nganti sprene ya
iseh utuh keluargane , malah sajak tambah raharja. Kuwi amerga rasa percaya lan
padha dukung sing gedhe.
Macem-macem
godho genti-genti teka ing keluwarga kuwi. Kayata pas jaman biyen anake sing
nomer loro sing jenenge Pendi ketabrak motor. Anake sing cacahe telu kuwi
pancen nduweni wateg sing bedha-bedha. Sing nomer loro iki pancen rodho bandel
lan sok seneng gawe jengkele wong tuane. Senengane yen wayah bengi nongkrong
karo kanca nom-noman sing ora genah juntrunge.
Bengi
kuwi dheweke lagi nongkrong karo kanca-kancane , nanging nalika mulih saka nongkrong
wektu numpak motor eh dilalah lagi nasibe malah ketabrak motor, kancane sing
weruh kedadeyan kuwi banjur nulungi lan matur marang wong tuane. Banjur bengi
kuwi digawa ning rumah sakit.
Asile
pemeriksaan lengene patah tulang, untune sing ngarep padha pothol. Dadi kudhu
disambung lan ganti untu anyar pasangan, lan mesti beayayane ora murah, wong
sajake wong tuane pancen wong sing ora duwe dadi ya krasa abot. Ijeh urung
mikir adine wedhok sing iseh sekolah SMA beayane ya gedhe banget, apa meneh
saiki wis ape lulus ya mesthi wae butuh beaya akih, ya syukure anak lanang sing
nomer siji uwis nyambut gawe ya senajan dadi kuli ya bisa biyantu
sithik-sithik. Sidane anake sing kecelakaan mau ya tetp dioperasi ora ketang
bayare karo utang-utang tanggane.
Bubar
wis rampung lan ya wis kena digawa mulih anake mau dirawat ning omah, anggone
ngrumati katon gemati banget, sabar, setiti, ngati-ati, sanajan balere kayak
apa wong ya anake dadi ya tetep disayangi nganti sak warase. Sakwuse kedadeyan
kuwi anake sing nomer loro mau banjur sadar saii wis gelem nyambutgawe. Lan
gelem prihatin, kebiyasane nongkrong ning pinggir dalan ya wis diilangi. Godha
sing siji kuwi wis diliwati.
Anke
sing nomer telu wedhok dewe saiki wis lulus anggone sekolah SMA, dene anake
kuwi mau ya termasuk anak sing gampang nanggep yen diterngke ning sekolahe,
dadi ya termasuk anak sing pinter, ya senajan anake wong ora duwe nanging
pikirane cerdas. Bubar lulusan bocah kuwi ya pengen nglanjutke kuliyah, nanging
ngeti keadaane lan kemampuane wong tuane ora nyukupi ya banjur memenng wae
dipendhem kepinginanae kuwi mau. Wong tuane ngeti anake sing pinter kuwi mau
eman-eman yen sekolahe namung lulus kok banjur nganggor ning omah, dadi wong
tuane ya ora tegel. Anake wedhok mu ditawani wong tuane
“Ndok,
apa kuwe kepingen kuliyah temenan? “pitakone ibune.
“Injeh
bu, kula kepingin banget kuliyah, nanging yen ibu mboten saged beayani nggih
kula mboten menapa-menapa.’’ Anake nyauri.
“
Ibu wis rundingan karo bapak ndok bakal nguliyahke kowe, ya sebisane bapak karo
ibu bakal usaha luru danane”. Ibue sajak ngomong kanthi tenanan.
Dungu
pucapan sing kayak ngono mau atine sajak seneng banget , bungah ora karuan.
Akhire anake sido kuliyah, wong pancen bocahe pinter dadi ya ning kuliyah kana
pikantuk keringanan saka beasiswa.
Sakwuse
anake telu padha lunga kabeh keluargane saya sepi, omah katon nyeyep amerga
anake sing gawene ngrameni saiki padha lunga dewe-dewe. Namung senajan kaya
ngana kekarone tetp sabra lan tawakal ngadepi uripe, kabeh tansah disyukuri.
Dina
selanjute keluwarga mau pikanthuk ujian maneh, Pak Sarto sing maune sehat saiki
diganjar loro asam urat, dengkhule sajak
loro yen digawe mlaku. Dadi kerjane saiki ya ora bisa giras kaya biyen.
‘Bu,
awaku san saya tua wis ora kuat giras kaya biyen meneh, terus kepiye awake dewe
ngragati anake dhewe bu?’
“wis
pak, ora usah dipikir jero kabeh wis ana sing ngatur, kene kudu sabar lan
tawakal, Gusti mesti nguwehi dalan, sing penting saiki bapak kudu sehat disik,
mengko bisa kerja meneh.”
“iya
bu, bapak wis ora apa-apa kok, ki sajak wis arep mari.” Ucapane karo nenangna
pikirane bojone.
Bu Sarto tansah sabar anggone ngrumati bojone
mau. Naging kanthi restune Gusti ndilalah ora suwe bojone waras lan bisa mlaku
kayak biyen meneh. Ujian sing siji iki uga bisa diliwati kanthi sabar.
Rampung
ngadhep cobaban sing kaya kuwi mau, keluwargane pak Sarto diampiri ujian meneh
awujud fitnah saka tanggane. Bu Sarto dituduh seneng ngadu domba tanggane,
dungu kanyatan sing kaya ngono mau, keluwargane pak Sarto tansah pada di ece
lan di adohi tangga-tanggane, namung pancen Gusti Allah ki ora merem , mula
kabeh kenyataan kebukak, wong sing mitnah mau diganjar loro lan akhire jaluk
ngapura marang bu Sarto.
Kabeh
ujian tansah dilewati karo sabar, akhire ya ujunge sing diundoh ya manis
rasane. Buktine saiki anak-anake sing maune dirumat nganti setiti saiki dadi
wong sukses bisa dibanggakna marang wong tuane. Sing maune kuliyah saikine wis
dadi sarjana sing sukses, sing anak lanang mbeler mau ya saiki gelem
nyambutgawe lan dadi pengusaha sing sukses.
Kangane uga dadi wong sukses dadi
boss gedhe ning Jakarta yen mulih gawa mobil sing mewah. Yaiku mau asile sabar
ngadepi godhane omah-omah. Yen bisa ngadepi ya bakal lulus lan bakal pikanthuk
kemulyaane omah-omah. Nanging yen ora bisa ngadepi ya omah-omahe tansah rusak
lan ajur ora ketulungan. Kabeh gumantung kepiye nyikapine masalah sing di adhep
mau.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar