Budhaya
Sambatan ing desa Prawoto, kec.Sukolilo, kab. Pati
·
Budhaya sambatan
Desa
Prawoto, kecamatan Sukolilo, Kabupaten Pati menika gadhahi budhaya ingkang
taksih asring kalampahan ngantos samanten,
inggih menika “Budhaya Sambatan”.
Ingkang
dipunwastani budhaya sambatan inggih menika sareng-sareng ngrewangi tangga
teparo biyangun griya ingkah nembe dipundhamel, Sambatanipun wujudipun arupa
keahlian ingkang dipungadhahi piyambak-piyambak, manawi tukang bangunan utawa
batu inggih mbiyantu kaliyan tenaga, manawi ibu-ibu ingkang ahli masak uga
mbiyantu masak kangge tiyang ingkang
mbiyantu wau.
·
Tatacara sambatan menika inggeh kados makaten:
-Ingkang gadhah panggawean menika
uga sanjang marang tangga-tangganipun utawi seduluripun, yen wekdalipun
sambatan sampon celak. Manawi ingkang sampon kalampahan wonten ing Desa Prawoto
menika mboten usah sanjang mubeng, amargi sampon limprah menawi wonten tiyang
ingkang mbangun griya mesti banjur biyantu sanajan mboten dipun sanjangi
rumuyin.
-Menika ingkang gadhah griya ugi
nyiapaken berkatan utawi sekul ingkang mangke dipunparengaken marang
tiyang-tiyang ingkang nderek biyantu wau.
-Manawi badhe ngawontennaken
sambatan menika ingkang biyangun griya wau uga kedhah ngucali dinten ingkang
sae miturut itunganipun tiyang jawi, amerga supados mboten nekakaken balak(cilaka).
Samenika ingkang kalampahan wonten ing Prawoto.
Kauntunganipun sambatan inggih
menika:
1.
Wujudaken kerukunan antar warga, manawi salah
satunggaling wonten ingkang kasusahan , ingkang sanes biyantu.
2.
Biyangun griyanpun uga boten usah nyewa tukang,
amergi sampun dibantu marang tangga-tangga, kados boten nelasaken biaya kathah.
3.
Rampungipun uga luweh cepet amergi dipun dhamel sareng-sareng.
Sambatan menika sampun dados adat
kebiyasaan ingkang kalampahan ing Desa Prawoto,
tradhisi samenika kedhah dipunjaga supados boten ical. Amerga majunipun
jaman menika sampun gerus kabudayan asli saking jawa menika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar