KACA
MATA
Kaca mata iki, namung kaca mata iki
Sing dadi kanca sejati
Biyantu anggen ngeti
Sing biyantu nguwei ngerti
Tanpa
kaca mata iki
Aku
kaya wuta
Ora
weruh padhangin donya
Amerga
tanpa iki, sakabehane katon bruwet
Kaca mata iki dadi saksi
Apa sing wis tak pndeng lan ngeti
Kabeh wis direkam ana kaca iki
Kaca mata dadi saksi
BAGASKARA
Bagaskara sing sumunar kae
Gae padhange pratiwi iki
Nuwuhake panguripan marang liyan
Panguripan makhluk ing bumi
Tanpa
bagakara bumi petheng
Tansah
ora ana panguripan
Makluk
pada mati
Makluk
pada keliyaran tanpa arah
Bagaskara sinare donya
Nyinari lan madhangi ati
Bagaskara namung siji
Namung dadi panguripaning sabumi
DEWI
SRI
Mesti kabeh reti
Sapa kuwi dewi sri
Dewi pari, dewi panguripan
Wong jawa mesthi ngajeni
Dewi
sri, tanpa dewi sri
Indonesia
tansah aliren
Wong-wong
tansah ora duwe daya
Dewi
sri cerita jawa
Dewi sri kudu diajeni
Dewi sri kudu urmati
Amerga sing wis nguwehi sing jeneng
nasi(sekol)
Dewi sri , dewi panguripan
GLOBALISASI
Saiki jamane globalisasi
Apa kuwi globalisasi ?
Sing jare ngrusak generasi
Opo kuwi nyata?
Lha buktine apa?
Terus
janjane apa kuwi?
Disebut-sebut
ngrusak moral
Kerana
majune jaman
Lan
majune teknologi alam
Sakjane aku ya ora reti
Apa iki sing wis kelaku
Jaman saya maju
Wong-wong lugu ya melu-melu
Mula iku kudu pikiran maju
GURU
SEJATI
Guru sejati namung siji
Manggone ana ning ati
Ora namung ana ning lathi
Guru sejati
Ora ana ning ngendi-ngendi
Namung ning jero ati
Guru sejati
Guru sejati
Ora bakal ilang
Merga ora bakal mati
Manggon jero ati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar