NEGARA
aku lila...
korban jiwa raga kanggo bumiku
nadyan awak iki ajur mumur
getih iki mili, netes, mancur
kanggo negara sing tak cinta
aku bakal setya
negara
sing tak cinta
muga-muga
tetep jaya
mugya
gusti paring nugraha
semana
gedhene jasa pahlawan
jiwa
raga, bandha donya, tanpa sisa
namung
siji pangajabmu yaiku merdika
KIAMAT
Rina wengi dadi pitakon
Tansah bingung, wedi, mamang
Dadi pitakonan tiyang islam
Kapan
tekane ora ana wong reti
Akhire
kabeh padhha mati
Sekabehane
bakal mbalik marang gusti
Tanpa kandha, tanpa semaya
Tekane ora diduga
Mula kuwi kudu waspada
Yen wayahe pancen bakal teka
Dina
sing dadi akhir
Akhir
panguripan donya
Kabeh
kersane gusti
Kabeh
ora ana sing reti
BUKU
Sing dadi pendamping golek ilmu
Cekelane uwong merguru
Buku dadi gudange ngelmu
Kabeh disamppekke guru
Ilmu
tansah kudu dijaga
Ilmu
kudu dingamalna
Amarga
dadi sangune urip
Urip
donya lan akhirat
Buku wis dadi kanca
Kanca sing setya
Kanggo siswa, kanggo manungsa
Lan kanggo nglestarikke budaya
MENARA
Gagah duwur angklung-angklung
Kabeh liyan tansah gumun
Nyawang gagah duwurmu
Kaya-kaya
nyunggi bagaskara
Dadi
pakune Pratiwi
Gae
sengsem sing Padha Ngeti
Dadi pangayom sak ngisore
Njulanng duwur nguwehi pitutur
Dadi manungsa kudu duweni luhur
Kaya dene menara kae
Sing gagah duwur teguh pendiriane
KARTINI
Wanita sing duwe jasa marang estri
Jasane ora kaitung
Pengorbanane ora dumunung
Saiki dadi pahlawan sing agung
Senajan
saiki uwis gugur
Namung
isih urip ning njero kalbu
Tansah disimpen
ana pikiran
Tansah ora bakal
ilang
Kartini kusuanig negara
Sumerbak wangi aneng ati
Hormst ora bakal mati
Kanggo pahlawanku sang kartini
GANDHULANING ATI
Aku ora tau ngipi
Bakal ketemu sing tak tresnani
Wong sing ana ning njero ati
Sing dadi gandhulaning ati
Tresna
iki ora namung ana ing lathi
Ananging
jujur kanthi gemati
Sing
tak jaluk namung siji
Aja
tinggalna awak iki
Wong kang bakal dadi kanca
Kanca urip ana ing donya
Dadi kanca susah lan duka
Karo kowe aku raharja
Tidak ada komentar:
Posting Komentar