Rabu, 16 Desember 2015

Cerkak



Siti
Pak Jarwo duwe anak cacahe ana telu wadon kabeh, kabeh ayu-ayu tur sregep lan gemati marang wong tuane. Anake sing loro wis omah-omah, nanging sing siji isih sekolah kelas telu SMA. Pak Jarwo sajak bungah banget, amerga kabeh anake pada nurut marang tuane. Anake sing nomer telu jenenge Siti yen mulih sekolah sebisa-bisane bantu wong tuane ana omah kayata bantu resik-resik omah nganthi sarampunge. Wong pancen dhasare bocah sing sregep, ora kaya kanca-kancane sing kesed tur sifate isih mbok-mboken kae.
Dheweke sakora-orane kepingin bisa biyantu wong tuane, sanajan namung sithik namung ya migunani. Saben dina dheweke dunga muga diparingi kasarasan marang Gusti supaya bisa tetep bisa bantu wong tuane.
Siti duwe kekarepan besuk yen lulus sekolah SMA kepingin kuliyah lan uga pengin dadi pegawe negri sing sukses, Bisa banggakke wong tua lorone. Naging dheweke nyadari yen wong tuane iku wong ora duwe, njur kepriye dheweke bisa mujutake kekarepane kuwi mau. Dheweke ora putus semangat anggone donga nyuwun marang gusti sing bisa ngijabahi kekarepane umate. Menawa ana dalan saking gusti.
Pak Jarwo lan bu Jarwo uga duweni kekarepan sing pada karo kekarepane anake mau, amerga pada ngerti yen Siti kuwi pancen bocah sing pinter ing sekolahane. Mula eman yen lulus sekolah namung tenguk-tenguk ana omah wae. Pak Jarwo sing dadi pangayom keluwargane kuwi nyadari, dheweke kudu bisa mujutake kekarepane ananke mau.
Ing sekolahahne kana Siti pancen murid sing paling ayu, sanajan ayu nanging ora gawe dheweke mirasa kemayu. Dheweke ngakoni yen awake kuwi dadi anake wong ora duwe mula ya kudu ngati-ati anggone tumindhak. kuwi mau pitutur  lan panyuwunan wong tuane marang dheweke. Pancen Siti ki anak sing manutan mula ya manut marang pituduhe wong tuane mau. Kuwi sing gawe wong tuane bangga duwe anak manutan kaya Siti.
Siti saben dina yen mangkat sekolah kanthi sarana mlaku ngliwati omah-omah sing jumejer ing sapinggiring kali. Amerga anggone mangkat sarana mlaku mula awake kringeten. Tarkadhang yen awake kesel uga leren disik ing lungguhan angkruk sanding parkiran karo sendhenan. Sanajan sekolahane adoh saka omahe, nanging kabeh dilakoni kanthi ati seneng.
Dheweke saiki wis kelas rolas semester genep, anggone sinau sajak tememen banget, Pancen Siti kuwi bocah sing sregep lan pinter. Mula ana sekolahan dheweke kuwi dadi murid sing disenengi marang gurune.kanca-kancane uga seneng marang dheweke amerga wateke Siti sing grapyak sumanak marang sekabehane.
Sekabehane pada gemati marang Siti, kabeh krasa seneng kekancanan lan cedhak karo siti. Sanajan disenengi guru-guru , kuwi mau ora banjur gawe Siti gumedhe lan sombong, nanging malah nambahi sifat andhap asore Siti. Wis pokoke Siti kuwi pancen anak sing atine apik banget.
Saiki titiwancine Siti lulusan, dheweke lulus lan ketampa ana perguruan tinggi ning Semarang yaiku UNNES( Universitas Negeri Semarang) kanthi jurusan basa jawa. Atine sajak bungah banget amerga pikanthuk beasiswa bidikmisi . Wong tuane uga syukur banget marang gusti sing wis aweh dalan marang umate sing gelem usaha.
Anggone kuliah Siti tememen banget, kabeh dilakoni kanthi ati sumringah merga kekarepane bisa kawujud. Sinaune uga tambah sregep supaya kekarepane dadi wong sukses uga bisa kawujud. Siti dunga muga-muga awake bisa kuliah nganti sarampunge ora mandheg tengah dalan. 
TAMAT

Tidak ada komentar:

Posting Komentar