Selasa, 15 Desember 2015

Novel Emprit Abuntut Bedhug



Ndungkap Kaistimewaane novel Emprit Abuntut Bedhug
Novel sing duweni judul Emprit Abuntut Bedhug iki karangan Suparto Brata wis dadi crita sing kondhang banget lan dadi populer ing tahun 1960-1990-an. Trus alasane apa kog dadi crita novel sing kondhang lan populer? alasane merga basa jawa sing digunaake gampang dimangerteni lan gampang dipahami. Pengarang Suparto Brata  asmane wis kechatet ingbuku five Thousand Personalities of The Word 1998 terbitan The American BiographicalInstitute. Dadi wis ora diragukna meneh yen novel iki isine pancen apik.
Isine novel iki gawe penasaran sing maca. Kenapa dadekna penasaran ? macem wae merga critane kuwi kaya ngene. Magerip malem jum’at Jarot numpak sepedhah ngliwati sawijining dalan Surabaya, srempetan karo sepedhahe cah wadon. Ana kanthonge cah wadon mau sing mencelat saka setange. Banjur dijupuk Jarot, diulungake marang sing duwe. Nanging malah bocahe nampik, jare kuwi dudu kanthonge deweke. Apa njerone kanthong kuwi mau ? kuwi sing ndadekna penasaran wong sing maca novel iki.
San soya penasaran Jarot gawa mulih bungkusan mau banjur di buka. Awale pancen ora wani mbukak amerga ngilingi kuwi ora duweke wonge. Namung dipikir-pikir suwe dadekna tambah penasaran. Ora suwe  banjur dibuka kanti alon-alon. Isine malah jebule tugelan tangan menungsa. Tangan epek-epek tugel saugel-ugel, gubras getih kenthel! Tangan daging, daginge manungsa. Banjur sakwise kuwi lanjutane ndungkap kedadeyan sing aneh kuwi mau. Lan akhire kabeh kedadeyan sing gae mrinding tur penasaran kuwi mau kabeh bisa diselidiki lan di dungkap kedadeyan sing kelakon kuwi mau.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar