WAYAH PAJAR
Jago
kluruk saut-sautan
Srengenge
jumedhul saka sisih wetan
Manungsa
tangi kebat-kebatan
Golek
rejeki ojo nganti kerinan
Kebhul pawon katon mbumbung
Bocah sekolah tansah bungah
Nyangking tas banjur mlampah
Luru ilmu ana bangku sekolah
Pak
tani pada mangkat ing sawah
Nganggo
caping mikul pacul
Nggarap
sawah kanthi gemati
Ngarep-arep
parine dadi
Panganan
sing mesthi dijupuk
Ora
atos ya ora emphuk
Gae
bathur mangan mesthi gathuk
Ana
ngendi wae warung mesthi ana krupuk
Krupuk enak rasane
Sanajan ora bisa waregage
Nanging ora lengkap rasane tanpa
dheweke
Krupuk pancen wis dadi andalan
lalapane
CIDRA
NING JANJI
Suwe
awakku ngenteni
Tekamu
nemoni awaku
Tak
anti-anti tekamu
Sing
ana malah cidramu
Larane atiku iki
Ora ana liyane sing ngerti
Ora ana sing bisa ngobati
Namung bisa tak adhepi
Janji-janji
sing biyen kok janjeni
Saiki
namung dadi cidra ning ati
Saiki
kowe lali
Marang
aku sing tresna kowe iki
JAM
Detik
sadetik wis tak lewati
Sing
tak rasakna ora ana sing ngerti
Kajaba
aku kaliyan gusti
Jam iki tansah dadi seksi
Aku karo cerita uripku iki
Dadi kanca rina lan wengi
Jam
sing gumanthung kae
Mubeng
ora ana enteke
Ngabari
wektu kanggo manungsa
Supaya
disiplin ana ing donya
Kebhul
pega kae nandhakke tekamu
Renteng-renteng
dawa ora ana enteke
Seje
kuwi ya mesthi akeh penumpange
Rana-rene wis dadi kerjaane
Ngeterna penumpange dadi tujuane
Kereta wis ana ing jaman biyen kae
Wis
ana ing jamane landha
Mula
kereta dadi seksi bisu
Perjuangane
wong jaman lawas
Mula
kuwi kudu dilestarikna
KUPU-KUPU
Endhahing
warnamu ngadhemna atiku
Pethelmu
dadi panutanku
Setyamu
dadi contoh kanggo aku
Rana-rene
tansah luru madu
Biyantu pirang-pirang kembang
Ing proses penyerbukan
Ora kesel-kesel anggonmu kerja
Dikumpulna kanggo kaluwarga lan
kanca-kanca
Tidak ada komentar:
Posting Komentar