Naskah wayang lakon Anoman maneges
Kakang
ingsun yayi kresna
Marasira
midangetna
Pun kakang harsamaminta
Manemune
sira duh yayi
Nyang
pandepa hanyarkata
Sajroning
nagri Ngastina.
Sang
Baladewa Narapati twinariswara kresna saklangkung resnanira myang dabanan
jinawi.
Kresna
: Kaka Prabu, kados kajempana ing
angin. Lampapa duka kesasar-sasar. Nunjang
palang
badhe tindak dhateng pundi kaka Prabu?
Baladewa
: Yayi Kresna, estuni manah tak gelak lakuku. Yenta na suweking jubah
datan tak toleh daya-daya pun kakang
tumembah ing praja negara Dwarawati. Aku arep nemani kowe, aku arep wadul
pirang-pirang yayi. Aku nembe wae kasowanan.
Kresna : Kasowanan nagari Ngastina. Wonten
pandeta naminipun resi Lumana. Pendetane madek dai ratu. Mrentah sakedah kerah
kanthi boten dipun petang jumangkahe sateman ndadosaken paduka pancakara.
Paduka kala wau ngentosi wonten alun-alun supradene paduka nggeblas. Minawis
nyawang saking katebihan paduka sanes satriya.
Baladewa : Lho lhahdalah... lha kog ngerti ? ngerti
unteraning perkara.
Kresna : Pangestu paduka, sinaosa yayi prabu
Yudistira menika. Wonten nagari Ngastina piyambakipun menika wangsul-wangsul paring
SMS dateng kula.
Setyaki : Malah facebookan kaliyan kula.
Baladewa : Ooo.. Facebookan karo kowe Setyaki?
Setyaki : Nggih, gambaripun menika kaka prabu
puntadewaseandingan kaliyan kakang mbok Drupadi saking rungkut.
Baladewa
: Nek akuiki gambare gong cina. Karo tak
wenei wara-wara sapa sing duwe gong cina regane pira?
Setyaki : Malah kaya Sigid.
Baladewa : Lha ki ke ke ke kepenake kepiye yayi? Aku
kudu piye yayi?
Kresna : Kaka
prabu ana unen-unen sing waras ngalah.
Baladewa : Sing waras ngalah piye?
Kresna : Paduka nggih klentu.
Baladewa : Klentu piye? Sing nggo gumunku kilo adimu
si Werkudara tanggap tangguh tanggon kaya ngono dedep pideksa watake bebasan
kaya tugu Sinakarta. Ora mundur rani geguntur mendho anging panggoda. Nanging
barang kena lamise begawan kumana lha kog luntur, piye yayi?
Kresna : Kaka Prabu nonton dumateng samukawis
menika sampun dipuntonton saking njawi rumiyen sakderengipun pirsa lebete. Kula
yakin sanget senadan ta ngawuwara kaya ngapa. Ana pandeta muruh nganti bebasan
ngemekake jagad raya suwarane, yayi Prabu Puntadewa nate cariyos kaliyan kulo
sampon nate manos kitab isra. Salebeting kanjenng Nabi menika lumapah dipun
dhereki kaliyan ruhul Kudus inggih menika malaikat Jibril. Sadalan- dalan kanjeng
nabi menika tansah dipun srandhu tansah dipun godha antawisipun wonten salah
sawijining manungsa tangan tengene bisa nggawa roti tangan kiwane nyekel graji.
Makhluk menika mripate nganggo sebelah mata. Ora bisa nyawang ngangge
pertimbangan menika mboten saget. Makhluk menika sinebat Dajjal. Ndadosi Dajjal
menika sarate kudu jujur, sabar, lan narima. Boten kados paduka kaka prabu.
Legan golek momongan, pendeta kaya uret barang kog ya ditantang-tantang, demen
ora kajen Baladewane.
Baladewa : Waduh... lah yo gumun, kog aku ditimbali
kog kowe ora ?
Kresna
: Lha nek kula niki adhep-adhepan kalih resi
Lumana mangkeh kula leh-lehke, mangke kula copot topenge resi lumana. Kula
boten pengen gawe wirange wong akeh. Kaka prabu, sinaosa menika mengsah dipun
legane rumiyen. Tur menika nembe babak awal dereng ngantos babak tengah. Yayi
Janaka dipunutus kaliyan resi Lumana
sesarengan kalih yayi Werkudara. Nglarapaken sertifikat tanda yekti kalamun Kresna
dipeksa kongkon tanda asta.
Baladewa : Lha kok ngerti?
Kresna : SMS saking yayi Werkudara ngabari
rumiyen.
Setyaki :
(nyanyi) “Bang SMS siapa ini bang?
Aku
paling seneng lagune mbah surip “ Tak gendhong kemana-mana, daripada kamu naik
kapal terbang jua pesawat yang makan enak to, asik to, keri to? Blubuk to?
Kresna : Kepengen sumerep gebyare lelempahan
menika?
Baladewa : Iya yayi.
Kresna : sampun daya-daya kondur wonten nagari
Madura. Lenggah wonten menger kula, kula adepane Janaka, mung dadi bemper, mung
dadi bebalang karo resi lumana. Ngiras pantes ngangge nodi mentale pendawa kaya
ngapa.
Baladewa : Iya yayi, sing ngati-ati yayi.
(Baladewa
pindah lungguh ana mburine Kresna banjur Janaka mlebu disusul karo Werkudara
lan Sengkuni)
Baladewa : Apa kowe?
Setyaki :
Segrok sang Bala tuminggal.
Baladewa : Wis ora usah
suluk..ang...ung...ang...ung. Rasah suluk Setyaki!
Setyaki : Boten, Samene kanggo mbangun suwasana
ki, ora ang..ung...ang...ung.
Kresna : Opo to sebabe. Dene punkakang njunjung
marang anggane Siyati nggone sira cecliblu nyembah. Siji iki duduaning praja,
iki duduaning istana negara.
Baladewa : Setyaki.
Setyaki : Nun.
Baladewa
: Janjane pilihan bahasane ki kliru,
lha wong presiden kok manggone nang istana. Kamangka istana kuwi miturut basa
jawa kuwi artune kuburan.
Setyaki : Hastana.
Baladewa : Ha’a, astana badamadana kuwi kuburane
wong-wong suku Yadawa. Presiden kok manggone nang istana.
Setyaki : Lha nggeh, tegese niku mbesuk presidene piye nek mbesuk matine
ninggalke astana, jenenge piye? Dipimpin presiden ki piye? Dipimpin presidene
ki piye, ngoten kaka prabu.
Baladewa : Sing kandha sapa?
Setyaki : Facebook.
Dalang = Luar biasa wayang IT iki.
Kresna
: Siji, kuwi alasane. Ping pindho, iki
lapangan. Ndadak nyembah mbarang ndhodhok ki yo sampure reged. Iyo yen ngisore
ki ora blethok. Yen blethok?
Janaka : Inggih kaka prabu. Dapur kapasang yogya.
Kresna : Dapur kapasang yogya ki opo ? bocah
nom-noman do or mudheng bahasamu, ngerti opo ora ?
Janaka : Dhawah keleresan.
Kresna : Lha rah ngono yak luwih apik. Ora
sah muluk-muluk sastrane sing wong malah ra mudheng sing nonton. Cobloko wae,
wong awak-awak dhewe ki klebu wayang-wayang padesan. Beda karo wayang-wayang
sing tingkat dhuwur kono kuwi bahasane muluk-muluk. Yen perlu diapiki tenanan. Nganthi
sing nonton ora mudheng . wong maca wae kok.
Janaka : kanjeng kaka prabu, estune manah kula
menika badhe sowan wonten nagari Dwarawati, naging kepanggih kaliyan paduka
menika dhawah keleresan. Kula kaliyan kakang Werkudara dipundhawuhi kaliyan
bapa resi lumana supados manggihi paduka kajeng kaka prabu.
Kresna : kon napa?
Janaka : Ngeteraken seratsaking rama
begawan lumana.
Kresna : Ora sik, kowe ki nang ngastin ki
nopo? Hm? Kowe nang ngastina ki ngapa?
Janaka : Kakangmas Wrekudara.
Wrekudara : Piye?
Janaka : Paduka ngendika.
Wrekudara : Wegah, kepethuk karo Kresna sapa wonge
sing bisa menangake omongane ning kowe tak rewangi. Iki ngene njlintheng Kresna
kakangku, sarehning awake dhewe para pandhawa kuwi kang dadi imam darmaaji
kakangku kuat sarujuk manungggaling pandawa karo kurawa, kuwi sarujuk bakaling
bratayuda demi kamungsan. Mulane aku sarujuk-sarujuk wae aku teka mrene mung
ngeter Harjuna. Janjane aku yo ragu-ragu.
Janaka : Lhoh kakangmas kok kados ngoten
sih? Kok kakangmas kados ngoten?
Wrekudara : kados ngoten piye?
Janaka : Menawi ngoten paduka kalih
panjenengan, kula kalih sampeyan sami.
Wrekudara : Pada piye?
Janaka : Sami ragu-ragune.
Wrekudara : tas....lha...
Sengkuni : Mati aku...waduh...
Baladewa : Nyawang Sengkuni raine kaya pengen
nggecek-nggeceka aku.
Kresna : Innallaha maassabirin, kaka prabu.
Baladewa : Sabirin wis pindah ning Wanagiri wae
kok. Awas titeni mengko, ana wektu kang mirunggan wektu prayo jejak ndase
tenanan.
Setyaki : Sabar om sabar.
Baladewa : iyo, Setyaki.
Setyaki : oke bos... haa kerise apik, luluk
telu, pamore naga tumangasang... wah... keparing dalem saking ndara puji.
Janaka :
Kaka prabu sarujuk menpa boten, menawi bratayuda dipun wurungaken.
Kresna : Sarujuk banget.
Wrekudara
: kuwi sarujuk.
Janaka : Boten kados ingkang kula doga
nggih?
Wrekudara : Ho’o
Janaka : Menawi ngoten sae kaka prabu Sri
batara kresna.
Wrekudara : Iya apik.
Janaka : Dipunlajengaken napa boten?
Wrekudara : Wis kana bacutna.
Janaka : Menawi ngoten, kaka prabu .
sarehning paduka sampun sarujuk manunggaling kuarawa kaliyan para pandhawa,
kula badhe ngampil segel perjanjian, paduka kedah tapak asma kanjeng kaka
prabu.
(Janaka
banjur menehake surat sing digawa Sengkuni marang Kresna).
Kresna : Sing tandha tangan ning kene kok
prabu resi lumana ki kepiye to karepe to?
Janaka :
Kados pundi kakang mas?
Wrekudara : Kowe wae sing njelaske. Sing nang ngarep.
Janaka : Rama resi lumana menika saking
saenipun panggalih, ngestina kaliyan pandawa menika dipun blengket dados
setunggal.
Kresna : Piye? Dadi siji?
Janaka : Inggih.
Kresna : Baratayuda Jaya binangun diwurungake?
Janaka : Inggih, kaka prabu sarujuk?
Krena : Setuju.
Janaka : Kula aturi tapak asma.
Kresna : Mengko disik, tulis tangan ning kene ki
geseh karo prajanjen ingkang wis digawe pandawa karo kurawa. Sanajan ta UU
anyar bisa mbatalake UU lawas, nanging alasane kudu maton tamane, si Adi tindhak
menyang negara Ngestina kuwi dudu atas nama negara, ning lintas fraksi, kowe
makili partemu. Wrekudara ya makili partemu, durung dianggep makili negara.
Kresna, semar gelem tanda tangan, waton negar ngestina kang separo ingkang
saiki dikekai klawan yayi prabu Duryudana sak Kurawane, diwangsulke karo
pandawa. Selagine Bratayuda wurung, nanging praja ngestina isih dikukuhi dening
yayi prabu Duryudana. Kabeh perjanjian tak anggep batal, kabeh surat tak anggep
ora sah.
(surat
banjur disuwek-suwek karo Kresna)
Janaka
: kakangmas.
Wrekudara
: Nun.
Janaka
: Surat dipunsebit-sebit kaliyan kakang prabu sri batara Kresna.
Wrekudara
: Yowis ben. Gampang gawe meneh.
Janaka : lajeng kados pundi? Paman sengkuni.
Sengkuni : Mbel...eeee...lhah kudu tandang aku iki, rada kurang ajar ki
prabu kresna.
(Sengkuni
banjur sing maju)
Baladewa
: Lhaaaa... iki...wuahahaha.
Kresna
: Napa sampeyan?
Baladewa
: Lha kuwi maju ... asune maju.
Kresna : Sabar rumiyin ta.
Sengkuni
: He prabu kresna? Aja sumekeh angguem aja adigang adigung adiguna, kowe wani
nyebit-nyebit surat kepercayaan negara ngastina, ateges kowe nantang wong-wong
ngestina, klebu pejabat ngaestina, kaya aku, jendral sengkuni. Hmmm?
Kresna
: sek..paman sengkuni. Aturan lajeng sanksi hukum menika badhe tumama yen ta
sanksi hukum kuwi dumadi aning wilayah hukum titamtu. Contohe, kowe arep
nyalahake kresna, nyebit-nyebit surat sing digawe resi lumana, ditanda tangani
dening yayi prabu duryudana miwah yayi yudistira, ya?
Sengkuni
: Iyaow.
Kresna
: Kuwi aku bisa dipatrap hukum, yen kedadeyan iki dumadi ana ing wewengkon
wilayah negara Ngastina serekat Sawangen tapel wates sing wis mok tinggalke,
bebasan 20 yujana, iki manggon wewengkon negara ngamarta. Mula sing wajib
matrapi hukuman karo Kresna kudu yayi prabu puntadewa, dudu dapuranmu, jendral.
Baladewa
: Jendral dapure elek.
Kresna
: kaka prabu ampun nderek-nderek. Tangan sampeyan kedah resik.
Baladewa
: Resik apa ? dosa gelem aku wato nggecek ndase sengkuni aku. Wis tak
sembahyang ping sewu rekaaat ora papa. Ning nggecek ndase sengkuni ndisik.
Kresna
: Kendel rumiyin.
Setyaki
: sabar..sabar... innallahama’assabirin, do you know?
Baladewa
: yes, i know.
Sengkuni
: ooo... yowis, nek pancen kaya ngono, aku bisa duwe kesimpulan, iya wae kowe
ora gelem trima para pendawa merguru karo resi lumana, mergae apa? Yo terang-terangan wae ya, senajan kowe
dadi ratu, nanging kowe ki rak ratu mlarat. Dwarawati kuwi ratu cilik, negarane
cilik, penghasilane yo cilik. Kowe bisa mulya mergae kowe ngempek ayom karo
wong-wong ngamarta. Mula kowe ora seneng yen wong ngamarta duwe guru anyar,
tegese kowe kelangan pegaweyan. Siji, ping pindone omonganmu wis ora digugu
karo pandawa. Hehehe. . ,\pandawa wis ora nggugu karo kowe, lambemu wis ora digugu
karo pandawa. Pandawa luwih nggugu karo wong ngestina. Pandawa luwih nggugu
karo begawan lumana. Mula tekan saiki kowe kudu mawas diri, kresna. Kowe ki
ratu sing wis ora payu, kowe ki ratu sing wis ra dianggep pandawa, kok isih
sumekean.
Setyaki
: Bangsat, bajingan. ...
(Sengkuni
diamuk Setyaki, banjur lunga, janaka lan wrekudara melu lunga nyusul sengkuni).
Kresna : Heeee.... Setyaki!!! (Banjur lunga
nututi Setyaki)
Baladewa
: Bagus, Setyaki, terus-terus diantemi Sengkuni terus... ayo antemana nganti
moncrot palane. Ayo terus ... ayo terus... lho lo lo lo kok malah kesasar... (
banjur melu nututi).
(Kresna
ngendhekaki Setyaki)
Kresna
: Setyaki...!!!
(Baladewa
njedul)
Baladewa
: Ayo...ayo..ayo.
Kresna
: Setyaki.
Setyaki
: kaka prabu.
Kresna
: Nundhuk.
Setyaki
: oke!
Kresna
: apik tumindakmu yo...?
Setyaki
: Sae.
Baladewa
: apik, pancen. Tenan apik tenan. Ning kurang ajar lho kowe, setyaki.
Setyaki
: kurang ajar bagaimana?
Baladewa
: Lha wong aku sing sikile wis gatel pengen nendang ndase sengkuni lho kok
malah kowe ningsep-ningsep, ningsep-ningsep ngapruk ndase, kene sing nukokke
pulsa, kok malah sing ngemploki bluluk kowe ki kepiye ta?
Setyaki
: Salahe , wong saiki kalah cepet ya kalah awu kok, Sakniki kathah, pacacre
kancane diembat, margane kowe klemar-klemer boten ngawe-ngawe, dikawen kancane
kathah. Ngko nek Ari klemar-klemer yo tak kekna Bagus saka Jogja. Mumpung ana
bapake ana gelem ngragati. Wong Ari senengane blas-bles,blas-bles sing gratis.
Cina mas.
Kresna
: kowe mau nempiling sapa?
Setyaki
: Lhoh, napa njenengan boten sumerep? Kula ngampleng Sengkuni.
Kresna
: Menurutmu bener?
Setyaki
: Leres bener sanget.
Baladewa
: Pas bener ... bener-bener banget. Cocok aku nek karo kowe Setyaki, tenan. Wah
apik tenan.. apik trus ajar wae.
Kresna
: Sampeyan niku boten ngademake alh manas-manasi.
Baladewa
: Sapa ?
Kresna
: Sampeyan niku.
Baladewa
: Yo ben ta... hak asasi kok piye, bebas.
Kresna
: kowe ngerti Setyaki? Sengkuni ki sapa?
Setyaki
: Sengkuni ki wayang.
Kresna
: iya bener . kuwi wayang apa?
Setyaki
: Nggih wayang dhudhahan.
Kresna
: Ora, kedudukane Sengkuni ki sebagai apa?
Setyaki
: Patih.
Kresna
: Lha yo, Patihe sapa?
Setyaki
: Patihe kurawa.
Kresna
: Yen kurawa ora trima ngroyok karo kowe, kowe wani karo kurawa?
Setyaki
: Wantu mawon.
Baladewa
: cocok kuwi ... tenan, wani kok. Kowe ki Setyaki wani. Setyaki kok karo kurawa kok mbek...wani. Aja kuwatir,
ngko nek kalah iki sek mbelani aku,
tenang wae.
Kresna
: Mangga njenengan sing wonten ngajeng mriki. Kula tak teng wingking cobi pun.
(Baladewa
dikon maju, banjur Kresna mundur)
Kresna
: Kowe dipasrahi tugas wae kaya ngono. Nggrece, nggleleng, mula nek teka ki aja
telat ngoten lho, wis dilatih ping pindho kok tetep nguwuhake salah dang... tak...
dang... tak... dang... tung... tak... dudududul.
Baladewa
: Aku nek ora tak punjuli ora seneng kok aku.
Kresna
: Iyo kurawa yen nganti Janaka maju, werkudara maju, kowe wani?
Setyaki
: Ah menawi kepeksa yen wantun.
Kresna
: kok nganggo kepekso piye?
Setyaki
: Nggih kaka Prabu.
Baladewa
: Iyo, kudu wani. alah wani kok perkara kalah, menang gampang sing penting wani
dhisik. Tabrak bresss.
Kresna
: Janaka kuwi melu klebu kurawa apa Pandawa?
Setyaki
Pendawa, ning saiki mbela kurawa.
Kresna
: wis saiki pandawa apa kurawa? Aja namung nganggo nanging.
Setyaki
: Pandawa.
Kresna
: Malah ngono ki... yen kowe nganti perang karo Janaka karo Wrekudara sing keplok kih akeh.
Diadudhomba. hmmm? Islam karo islam diadudhomba, Yahudine padha keplok-keplok.
Muhamadiyah karo NU diadhu, Yahudine keplok-kelpok. Kowe ngerti perkarane apa
ora?
Setyaki
: Nggeh, perkarane do’a qunud. NU nganggo do’a qunud, Muhammadiyah ora mergane
pancen boten apal. Ning alhamdulillah nggen kula niku anatarane muhammadiyah
kalih NU menika sampun boten mempersalahkan donga qunud.
Kresna
: ooo syukur alahmdulillah.
Setyaki
: Boten alhamdulillah malah innalilahi kok.
Kresna
: lha kok innalilahi piye? Lho jare wis
ora mempersalahkan do’a qunud berarti
rak ya apik ta?
Setyaki
: Boten, napa ta sebabe boten mempersalahkan do’a qunud, amargi baik wong NU
maupun muhammadiyah wis jarang nglakoni sholat subuh. Ora qunud-qunudan, sing
penting subuhe bubarke wae malah.
Kresna
: Ya wis, sing penting kowe nek urung tak prentah , aja maju ya?
Setyaki
: Nggih, beres.
Kresna
: Kaka prabu saged sabar napa boten? nem boten saged sabar kula aturi mlebet
kothak mawon mrika.
Baladewa
: Ya ora no. Mangkat, mung ketang piye-piye.
Setyaki
: Kaka prabu menika mangkate angel kok, nek pas dibutuhake do ora mangkat,
mangken nek ora dibutuhke nglumpuk penyumping wong akih. Penyumping tekane
mengko nek wayange wis do tumata kabeh nek bedhugi, ngko takone sampun beres
mas, ngono kwi. Hehe.
Kresna
: Kancingen lambemu,kaka prabu ingkang prayetna kaka prabu.
Baladewa
: Iya, tak dherekake yayi.
Setyaki
: Mangkeh nek thonge iso nang telu apaek banget kok.
(Banjur
padha lunga)
Prabu
Paranjana : Baladewa, woy ! Weh tenan ta kowe, Baladewa. Priwikan dadi grojokan
jebule kowe ngabari adhimu Kresna. Geres pantes aku baranjana. Dina iki aja
ketanggungan, entohadiyakake aku saka kakang Duryudana yos bisa nigas panci
gulumu Baladewa.
Prabu
Paranjana : Jumangkahing gra sesumbar
Lindhu
bumi gonjang ganjing
Antareja : kumaluk dukun tatarakethuk lumembek kang
jala ledhe.
Prabu
Paranjana : Oblas...kurang sepuluh langkah jawil gulune Baladewa. Metu saka
ngingsor ndhudhah bumi, kowe wayang Antareja, hmmmm?
Antareja
: Reti myang jenengku?
Prabu
Paranjana : Alah mbendina kumpul nang kothak. Masak pangkling?
Antareja
: Kowe Prabu Paranjana sing diunggul-unggulna marang wong Ngestina?
Prabu
Paranjana : Betul, aja ngalang-ngalangi langkahku Antareja, tak jangkah
sirahmu. Engsun bakal apar klawan uwakmu Baladewa.
Antareja
: Wongtuaku, pepundhenku, aja nganti bucek kulite. Yen wani tandingane
Antareja.
Prabu
Paranjana : Haha... bagus! Genti dhagakan perang karo kowe. Gak soal, sedina
yen durung bisa ngokop getihe mungsuh. Salit godhang bebesan pitung dina. Cekel
sabuk milang tatu asing-asing kejuting pati, nyawamu wis muntup-muntup aning
mbun-mbunan. kowe ora gelem minggat tak jabut nyawamu.
Antareja
: Cangkemu ! (Banjur diantem).
Prabu
Paranjana : Hah..edyan ora weruh tangane, cepet banget.
(Banjur
padha gelut).
Prabu
Paranjana : Pecah ndasmu. Edyan ,wuah kemebul dhahamu.
Antareja
: Wah , endho.
Prabu
Paranjana : Hahaha ora lungut tugel byeyekanmu.
(Antareja
ngantemi Prabu Paranjana nganti tiba)
Prabu
Paranjana : Haduhh pothol untuku iki.
(Antareja
midak siraehe Prabu Paranjana).
Prabu
Paranjana : Sikile bajingan , uculla. edyan, huh huhhh sikilmu kuwi.
(Antareja
digebuki Prabu Paranjana).
Prabu
paranjana : Modyar..modyar..modyar..modyarrrr...arep ngapa kowe, ayo iki
tandhinagana Paranjana ... hokya.
(Banjur
iseh padha gelut, Antareja ngantemi sirahe
Prabu Paranjana, nanging ujug-ujug Prabu Paranjana ngethikake clurit).
Prabu
Paranjana : Kowe, modyar kowe, ora weruh kon, hayok. Tiban clurit kae. Antareja
aja malyu, tiban pusakaku clurit ora nganan kodhok bosok. Mlempuh bathanganmu,
ayoh majua kene. Lhoh-lhoh keri lhoh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar