Selasa, 15 Desember 2015

TEMBUNG ENTAR





TEMBUNG ENTAR
 Tembung Éntar yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan).Utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe baé sinebut uga ing basa Indonesia tembang silihan (kiasan). Ing basa walandané yaiku Figuurlijke betekenis
Tuladhané:
A
01. abang kupingé = nêsu bangêt
02. (ng)abangké kuping = gawé nêsu
03. abang abang lambé = ora têmênan, mung lêlamisan
04. abang rainê = nandhang isin (wirang)
05. adol ayu = ngêndêlake ayuné
B
01. (m)balang liríng = nglirik mripat
02. bau suku = abdi/batur
03. bau têngên = wong kang dipercåyå
04. bêning atine = sumèh
05. (m)buang sangkal = ngilangi/mbuang apês
C
01. cagak lèk = camilan supaya bêtah mêlèk
02. cagak urip = kanggo nyukupi kêbutuhan uripé
03. cancut taliwåndå = tandang gawé
04. cangkêm gatêl = sênêng ngrasani/nggunêm
05. cêdhak umuré = gêlis mati
D
01. dadi gawé = ngrépotaké
02. dåwå-dåwå ujå = perkårå kang ora uwís uwís
03. dåwå tangane = sênêng nyólóng jupúk
04. (n)dhêdhêr kautaman = nandur kêbêcikan
05. dhuwúr atiné = gumêdhé
06. dhuwúr pangkaté = dadi wóng pangkat/panguwasané
E
01. êmpuk rêmbugé = gunêmé énak dirungokaké
02. êntèk atiné = kêwêdèn/kuwatir bangêt
03. ènthèng sanggané = ora rêkåså
04. ènthèng tangané = sênêng tandang gawé

Sumber :
Tembung entar lan tegese, dimuat di www.enjang.co m. Diakses 15 Desember 2015

Tidak ada komentar:

Posting Komentar