PUPUH X
M I J I L
M I J I L
01
Poma kaki
padha dipun eling, ing pituturingong, sira uga satriya arane, kudu anteng
jatmika ing budi, luruh sarta wasis, samubarang tanduk.
Harap kau
ingat nasihatku ini, Nak. Engkau juga disebut sebagai kesatria, harus halus dan
hening hatimu, lembut, dan cerdas dalam segala hal
02
Dipun nedya
prawira ing batin, nanging aja katon, sasona yen durung masane, kekendelan aja
wani manikis, wiweka ing batin, den samar ing semu.
serta
berusahalah utuk berani, namun jangan sampai terihat, bahkan jika belum
waktunya jangan sampai keberanian itu kau perlihatkan, hati-hati, sabar, dan
rahasiakan
03
Lawan
densemu lawan den lungit, maneh wekasingong, aja kurang iya panrimane, yen wis
tinitah dera Hyang Widhi, ing badan punika, pan wus pepancenipun.
Melalui
isyarat dengan cermat. Di samping itu, pesanku, jangan lupa bersyukur atas
karunia Yang Mahakuasa dengan kodrat yang menyertaimu
04
Kang narima
satitah Hyang Widhi, temah dadi awon, lan ana wong tan narima titahe, wekasane
iku dadi becik, kawruhana ugi, aja selang surup.
(meskipun
demikian) ada orang yang tidak bersyukur malah bernasib baik, sedangkan orang
yang bersyukur bernasib jelek. Pahamilah, jangan sampai kau keliru
05
Yen wong
bodho datan nedya ugi, atakon tetiron, anarima titah ing bodhone, iku wong
narima norabecik dene ingkang becik, wong narima iku.
Jika ada
orang bodoh tetapi tidak mau bertanya dan tidak manu menerima kodrat
kebodohannya, itu tidak baik. Adapun yang baik adalah yang menerima dengan
syukur
06
Kaya upamane
wong angabdi, marang sing Sang Katong, lawas-lawas ketekan sedyane, dadi mantri
utawa bupati, miwah saliyaneng, ing tyas kang panuju.
Seperi orang
yang mengabdi kepada raja, lama-kelamaan akan terlihat kemampuannya, (akhirnya)
diangkat sebagai menteri atau bupati atau tercapai seluruh keinginannya
07
Nuli narima
tyasing batin, tan mengeng ing Katong, rumasa ing kani matane, sihing gusti
tumeking nak rabi, wong narima becik kang mangkono iku.
Kemudian
bersyukur secara lahir dan batin dengan tidak menolak perintah rajakarena
merasa bahwa semua yang diterimanya sampai ke anak istri adalah atas kasih
sayang raja. Orang yang bersyukur seperti itu baik.
08
Nanging
arang iya wong saiki, kang kaya mangkono, Kang wus kaprah iyo salawase, yen wis
ana lungguhe sathithik, apan nuli lali, ing wiwitanipun.
Namun sangat
jarang orang jaman sekarang orang seperti itu. Yang sering terjadi adalah sal
sudah memiliki kedukukan meskipun kecil akan melupakan asal-usulnya
09
Pangrasane
duweke pribadi, sabarang kang kanggo, datan eling ing mula mulane, witing sugih
sangkane amukti, panrimaning ati, kaya anggone nemu.
Perasaanya
miliknya itu hasil pribadi, semua benda yang dipergunakan tidak diingat
asal-usul bagaimana ia menjadi kaya, bahkan dikiranya diperoleh begitu saja
seperti hasil nemu
10
Tan ngrasa
kamurahaning Widdhi, jalaran Sang Katong, jaman mengko ya iku mulane, arane
turun wong lumakyeng kardi, tyase tan saririh, kasusu ing angkuh.
Tidak merasa
atas kemurahan Yang Mahakuasa itu berkat kasih sayang raja. Itulah sebabnya
jaman sekarang jarang orang yang mewariskan kedudukan (kepada keluarganya)
karena ia tidak sabar, tergesa-gesa, dan sombong
11
Arang nedya
males sihing Gusti, Gustine Sang Katong, lan iya ing kabehing batine, nora
nedya narimeng Hyang Widdhi, iku wong tan wruh ing, kanikmatanipun.
Jarang orang
yang berkeinginan untuk membalas kasih sayang raja, raja dari segala
raja. Dalam batinnya tidak bersyukur atas anugrah Yang Mahakuasa, (orang
seperti itu) tidak merasakan kenikmatan
12
Yeku wong
kurang narima ugi, luwih saka awon, barang gawe aja age-age, anganggoa sabar
rereh ririh, dadi barang kardi, resik tur rahayu.
Atau orang
yang tidak tahu bereterima kasih (menyebabkan segalanya) menjadi buruk. Jangan
tergesa-gesa dan selalu bertindak sabar, tenang, dan cermat sehingga pekerjaan
menjadi baik dan mendatangkan kenikmatan
13
Uwis pinter
nanging iku maksih, nggonira ngupados, undhaking ing kapinterane, lan undhake
kawruh ingkang yekti, durung marem batin lamun durung tutug.
Ada pula
orang yang sudah pandai namun masih mencari kepandaian yang melebihi kepandaian
dan pengetahuannya, ia belum merasa puas jika belum sempurna
14
Ing
pangawruh kang densenengi, kang wus sem ing batos, miwah ing kapinteran wus
dene, samubarang pakaryan wus enting, nora nana lali, kabeh wus kawengku
Pengetahuan
yang dia senangi dan sudah tertanam di dalam batin, segala pekerjaan sudah
mampu ia lakukan, tidak ada yang terlupakan, semuanya sudah ia kerjakan
15
Lan maninge
babo dipun eling, ing pituturingong, sira uga padha ngempek-empek, iya marang
kang jumeneng Aji, ing lair myang batin, den ngarsa kawengku.
Dan lagi,
ingatlah nasihatku. Kalian semua bernaung pada raja. Oleh karenanya, merasalah
secara lahir dan batin
16
Kang
jumeneng nata ambawani, wus karseng Hyang Manon, wajib padha wedi lan batine,
aja mamang parintahing Aji, nadyan enom ugi, lamun dadi Ratu.
Bahwa yang
menjadi raja memerintah Negara,itu merupakan kehendak Yang Mahatahu, oleh
karenanya,jangan ragukan perintahnya. Meskipun masih muda namun menjadi raja
17
Nora kena
iya den waoni, parentahing Katong, dhasar Ratu abener prentahe, kaya priye
nggonira sumingkir, yen tan anglakoni, pasti tan rahayu.
Tidak boleh
dicela. Perintah raja adalah benar adanya, maka bagaimanapun mau menghindar dan
tidak menjalankan perintahnya pasti tidak akan membawa kebajikan
18
Krana
ingkang kaprah mansa iki, anggone angrengkoh, tan rumangsa lamun ngempek empek,
ing batine datan nedya eling, kamuktene ugi, ngendi sangkanipun.
Yang lumrah
di masa kini adah mendaku, tidak merasa dirinya bernaung, bahkan dalam hatinya
tidak mau mengingat asa-usul (kemuliaan itu)
19
Lamun eling
jalarane mukti, pasthine tan ngrengkoh, saka durung bisa ngrasakake, ing pitutur
engkang dingin-dingin, sarta tan praduli, wuruking wong sepuh.
Jika ingat
asal-usul kemuliaan itu, pasti ia tidak akan sombong. (hal itu terjadi) karena
ia belum dapat memahani nasihat orang terdahulu dan tidak perduli nasihat
orang tua
20
Ing dadine
barang tindak iki, arang ingkang tanggon, saking durung ana landhesane, pan
nganggo karsane pribadi, ngawag barang kardi, dadi tanpa dhapur.
Sehingga
segala tindakannya jarang yang kokoh karena belum memiliki dasar dan menurutkan
kehendak pribadi, ngawur, dan tanpa aturan
21
Mulanipun
wekasingsun kaki, den kerep tetakon, aja isin ngatokken bodhone, saking bodho
witing pinter kaki, mung Nabi kakasih, pinter tanpa wuruk.
Oleh karena
itu nasihatku, Nak, rajinlah bertanya, angan malu menampakkan kebodohan,
kepandaian itu berawal dari kebodohan, Nak. Hanya Nabi terkasih yang pandai
tanpa berguru
22
Sabakdane
datan ana maning, pinter tanpa tetakon, pan wus lumrahing wong urip kiye,
mulane wong anom den taberi, angupaya ngelmi, dadya pikukuh.
Sesudah itu tidak
ada lagi (orang) yang pandai tanpa bertanya. Bukankan sudah lazim kehidupan
jaman sekarangbahwa kepandaian diperoleh karena bertanya. Oleh karena itu,
orang muda rajinlah mencari ilmu sebagai pegangan
23
Driyanira
dadya tetali, ing tyas dimen adoh, akeh ati ingkang ala kiye, nadyan lali pan
tumuli eling, yen wong kang wus ngelmi, kang banget tuwajuh
Inderamu
jadikan sebagai ikatan jiwa yang kuat agar kehidupanmu dijauhkan dari
kejahatan. Bagi orang yang berilmu dengan sempurna, meskipun lupa, ia akan
segera ingat
24
Kacek uga
ingkang tanpa ngelmi, sabarange kaot, ngelmi iku dene kangge, saben dina
gurokena dhingin, pan sarengat ugi,parabot kang parlu.
Berbeda
halnya dengan orang yang tidak berilmu, segalanya berbeda. Gunakan ilmu dan
asahlah setiap hari. Bukankan syariat juga merupakan kewajiban?
25
Ngelmu
sarengatpuniku dadi, wewadhah kang sayektos, kawruhana kawengkune kabeh, kang
sarengat, kang lair myang batin, mulane den sami, brangtaa ing ngelmu.
Inderamu
jadikan sebagai ikatan jiwa yang kuat agar kehidupanmu dijauhkan dari
kejahatan. Bagi orang yang berilmu dengan sempurna, meskipun lupa, ia akan
segera ingat (brangtaa merupakan isyarat pola tembang berikut, yaitu
asmarandana)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar