(Prabu Baladewa lan
Prabu Kresna padha ketemu, banjur Setyaki melu teka)
Kakang ingsun yayi Kresna
Parasira midangetna
Pun kakang harsamaminta
Manemune sira dhuh yayi
Nyang pandhepa
hanyarkata
Sajroning nagri Ngastina....
Sang Baladewa Narapati twinariswara
Kresna saklangkung tresnanira myang dabanan jinawi o....
Kresna : Kaka Prabu, kados kajempana ing
angin. Lampapa duka kesasar-sasar. Nunjang palang, badhe tindak dhateng pundi
kaka Prabu?
Baladewa : Yayi Kresna, estuni manah tak gelak
lakuku. Yenta na suweking jubah datan
tak toleh daya-daya pun kakang tumembah ing praja negara Dwarawati. Aku
arep nemani kowe, aku arep wadul pirang-pirang yayi. Aku nembe wae...
Kresna : Kasowanan nagari Ngastina. Wonten
pandeta naminipun resi Lumana. Pendetane madek dadi ratu. Mrentah sakedah kerah
kanthi boten dipunpetang jumangkahe sateman ndadosaken paduka pancakara. Paduka
kala wau ngentosi wonten alun-alun supradene paduka nggeblas. Minawis nyawang
saking katebihan paduka sanes satriya.
Baladewa : Lho lhahdalah... lha kog ngerti?
Ngerti unteraning perkara?
Kresna : Pangestu paduka. Sinaosa yayi
Prabu Yudistira menika wonten nagari Ngastina,
piyambakipun menika wongsal-wangsul paring SMS dhateng kula.
Setyaki : Malah facebookan
kaliyan kula.
Baladewa : O... Facebookan karo kowe Setyaki?
Setyaki : Nggih. Gambaripun
menika kaka prabu Puntadewa sesandhingan kaliyan kakang mbok Drupadi, saking
rungkut.
Baladewa : Nek aku iki gambare gong cina. Karo
tak wenei wara-wara sapa sing duwe gong cina regane pira?
Setyaki : Malah kaya Sigid.
Baladewa : Lha ki ke..ke..ke..kepenake kepiye
yayi? Aku kudu piye yayi?
Kresna : Kaka prabu, ana unen-unen sing waras ngalah.
Baladewa : Sing waras ngalah piye?
Kresna : Paduka nggih klentu.
Baladewa : Klentu piye? Sing nggo gumunku ki lho,
adimu si Werkudara tanggap tangguh tanggon kaya ngono, dedek pideksa watake
bebasan kaya tugu Sinakarta. Ora mundur rani geguntur, ora bakal mendho aning
panggoda. Nanging barang kena lamise Begawan Lumana lha kog luntur, piye yayi?
Kresna : Kaka Prabu , menawi nonton
dumateng samukawis menika sampun dipuntonton saking njawi rumiyen sakderengipun
pirsa lebete. Kula yakin sanget, sanadyan ta ngawuruwara kaya ngapa. Ana pandeta
muruh nganti bebasan ngentekake jagad raya suwarane, yayi Prabu Puntadewa boten
badhe kenggoh. Yayi Prabu Puntadewa nate cariyos kaliyan kulo sampun nate maos
kitab Isra. Salebeting kanjeng Nabi menika lumapah dipundhereki kaliyan ruhul
Kudus inggih menika malaikat Jibril. Sadalan- dalan kanjeng nabi menika tansah
dipun srandhu tansah dipun godha antawisipun wonten salah sawijining manungsa
tangan tengene bisa nggawa roti tangan tengene nyekel graji. Makhluk menika
mripatipun setunggal, dadi yen nyawang nganggo sebelah mata. Ora bisa nyawang
ngangge pertimbangan menika mboten saget. Makhluk menika sinebat Dajjal. Ngladosi
Dajjal menika sarate kudu jujur, sabar, lan narima. Boten kados paduka, kaka
prabu. Legan golek momongan, pendeta kaya uret barang kog ya ditantang-tantang,
demen ora kajen Baladewane.
Baladewa : Malah dipaido ki piye to? Lah kowe kok
mrene nang ngapa? Mesthine mok tunggoni
negara Dwarawati.
Kresna : Menawi kula menika boten
dipunutus kaliyan kiyayi Semar Badranaya, kula mboten keaglapan
mriki, menika wonten tapel wates nagari Ngestina dalasan nagari Ngamarta. Menawi kula menika
boten dipuntangisi kaliyan kiyayi Semar kinensumusul para pandhawa, dipunwewai
malih paduka tumut cawe-cawe njarak perkara, purun boten purun paduka menika
tumut-tumut tebarat-barat dumateng perkawis menika.
Baladewa : Wadhuh. Lha ya gumun kok aku
ditimbali, kok kowe ora?
Kresna : Lha nek kula niki adhep-adhepan
kalih resi Lumana mangkeh kula leh-lehke, mangke kula tudhuhake, mangke kula
copot topenge resi lumana. Kula boten kepengen gawe wirange wong akeh. Kaka
prabu, sinaosa menika mengsah dipun legane rumiyen. Tur menika nembe babak awal
dereng ngantos babak tengah. Yayi Janaka dipunutus kaliyan resi Lumana sesarengan kalih yayi
Werkudara. Nglarapaken sertifikat tandha yekti kalamun Kresna dipeksa kongkon
tandha asta.
Baladewa : Lha kok ngerti?
Kresna : SMS saking yayi Werkudara,
ngabari rumiyen.
Setyaki : “Bang SMS siapa itu bang?”(nyanyi). Aku sing paling
seneng lagune mbah surip. (nyanyi maneh)“ Tak gendhong kemana-mana, tak
gendhong kemana-mana, daripada kamu naik
kapal terbang juga pesawat yang makan enak to, asik to, keri to? Bluluk to?
Kresna : Kepengen sumerep gebyaring
lelempahan menika?
Baladewa : Iya, yayi.
Kresna : Sampun daya-daya kondur wonten
nagari Madura. Lenggah wonten menger kula, kula adhepane Janaka, sepira kandel
kepercayaane Janaka, mung dadi bemper, mung dadi bebalang karo resi Lumana.
Ngiras pantes kangge nodhi mentale pendawa kaya ngapa.
Baladewa : Iya yayi, sing ngati-ati yayi.
Sigrak si bala tumingal
yo... o... e...
(Baladewa pindah ana
mburine Kresna. Banjur Janaka mlebu disusul karo Werkudara lan Sengkuni sing
nggawa surat)
Baladewa : Apa kowe?
Setyaki : Sigrak sang Bala
tuminggal.
Baladewa : Wis ora usah
suluk..ang...ung...ang...ung. Orasah suluk Setyaki!
Setyaki : Boten, samene kanggo
mbangun suwasana ki jan.
Baladewa : Ora ang..ung...ang...ung.
Kresna : Opo to sebabe. Dene punkakang
njunjung marang anggane Siyati nggone sira cecliblu nyembah. Siji iki duduaning
praja, iki duduaning istana negara.
Baladewa : Setyaki.
Setyaki : Nun.
Baladewa : Janjane pilihan bahasane ki kliru, lha
wong presiden kok manggone nang istana. Kamangka istana kuwi miturut basa jawa
kuwi artine kuburan.
Setyaki : Hastana.
Baladewa : Ha’a, hastana Gadamadana kuwi kuburane
wong-wong suku Yadawa. Presiden kok manggone nang istana.
Setyaki : Lha nggeh, tegese
niku mbesuk presidene piye nek mbesuk
matine ninggalke hastana, jenenge piye? Dipimpin presidene ki piye? Dipimpin
presidene ki piye, ngoten kaka prabu.
Baladewa : Sing kandha sapa?
Setyaki : Facebook.
Dalang : Luar biasa wayang IT iki.
Kresna : Siji, kuwi alasane. Ping pindho,
iki lapangan. Ndadak nyembah mbarang ndhodhok ki yo sampure reged. Iyo nek
ngisore ki ora blethok. Nek blethok?
Janaka : Inggih kaka prabu. Dapur kapasang yogya.
Kresna : Dapur kapasang yogya ki opo?
Bocah nom-noman do ora mudheng bahasamu, ngerti opo ora ?
Janaka : Dhawah keleresan.
Kresna : Lha rah ngono yak luwih apik. Ora
sah muluk-muluk sastrane sing wong malah ra mudheng sing nonton. Cobloko wae,
wong awak-awak dhewe ki klebu wayang-wayang padesan. Beda karo wayang-wayang
sing tingkat ndhuwur kono kuwi bahasane muluk-muluk. Yen perlu diapiki tenanan.
Nganthi sing nonton ora mudheng. Wong maca wae kok.
Janaka : Kanjeng kaka prabu, estune manah
kula menika badhe sowan wonten nagari Dwarawati, naging kepanggih kaliyan
paduka menika dhawah keleresan. Kula kaliyan kakangmas Werkudara dipundhawuhi
kaliyan bapa resi Lumana supados manggihi paduka kajeng kaka prabu.
Kresna : Kon ngapa?
Janaka : Ngeteraken serat saking rama
begawan Lumana.
Kresna : Ora sik, kowe ki nang ngastin ki
nopo? Hm? Kowe nang ngastina ki ngapa?
Janaka : Kakangmas Wrekudara.
Wrekudara : Piye?
Janaka : Paduka ngendika.
Wrekudara : Wegah, kepethuk karo Kresna sapa wonge
sing bisa menangake omongane ning kowe tak rewangi. Iki ngene njlintheng Kresna
kakangku, sarehning awake dhewe para pandhawa kuwi kang dadi imam darma aji
kakangku, kakangku sing sarujuk manungggaling pandawa karo kurawa, kuwi sarujuk
bakaling bratayuda demi kamanungsan. Mulane aku sarujuk-sarujuk wae aku teka
mrene mung ngeter Harjuna. Janjane aku yo ragu-ragu.
Janaka : Lhoh kangmas kok kados ngaten
sih? Kok kangmas kados ngaten?
Wrekudara : Kados ngaten piye?
Janaka : Menawi ngaten paduka kalih
panjenengan, kula kalih sampeyan sami.
Wrekudara : Padha piye?
Janaka : Sami ragu-ragune.
Wrekudara : Tos! Lha...
Sengkuni : Mati aku. Wadhuh...
Baladewa : Nyawang Sengkuni raine kaya pengen
nggecek-nggeceka aku.
Kresna : Innallaha ma’assabirin, kaka
prabu.
Baladewa : Sabirin wis pindah ning Wanagiri wae
kok. Awas titeni mengko, ana wektu kang mirunggan wektu prayo jejak ndase
tenanan.
Setyaki : Sabar om sabar.
Baladewa : Iyo, Setyaki.
Setyaki : Oke bos. Ha... kerise
apik. Luluk telu, pamore naga tumangsang. Wah, keparing dalem saking ndara
puji.
Janaka :
Kaka prabu sarujuk menapa boten, menawi bratayuda dipun wurungaken.
Kresna : Sarujuk banget.
Wrekudara : Kuwi sarujuk.
Janaka : Boten kados ingkang kula duga,
nggeh?
Wrekudara : Ho’o.
Janaka : Menawi ngaten sae kaka prabu Sri
Batara Kresna.
Wrekudara : Iya apik.
Janaka : Dipunlajengaken napa boten?
Wrekudara : Wis
kana bacutna!
Janaka : Menawi ngaten, kaka prabu. Sarehning
paduka sampun sarujuk manunggaling kurawa kaliyan para pandhawa, kula badhe
ngampil segel perjanjiyan, paduka kedah tapak asma kanjeng kaka prabu.
(Janaka banjur menehake
surat sing digawa Sengkuni marang Kresna).
Kresna : Sing tandha tangan ning kene kok
Prabu Resi Lumana ki kepiye to karepe to?
Janaka :
Kados pundi, kakang mas?
Wrekudara : Kowe wae sing njelaske. Sing ning
ngarep.
Janaka : Rama Resi Lumana menika saking
saenipun penggalih, Ngestina kaliyan pandawa menika dipun blengket dados
setunggal.
Kresna : Piye? Dadi siji?
Janaka : Inggih.
Kresna : Baratayuda Jaya binangun diwurungake?
Janaka : Inggih. Kaka prabu sarujuk?
Krena : Setuju.
Janaka : Kula aturi tapak asma!
Kresna : Mengko disik, tulis tangan ning
kene ki geseh karo prajanjen ingkang wis digawe pandawa karo kurawa. Sanajan ta
undhang-undhang anyar bisa mbatalake undhang-undhang lawas, nanging alasane
kudu maton, tanmane, si Adi tindhak menyang negara Ngestina kuwi dudu atas nama
negara, ning lintas fraksi, kowe makili partemu. Wrekudara ya makili partemu,
durung dianggep makili negara. Kresna, Semar gelem tanda tangan, waton negara Ngestina
kang separo ingkang saiki dikekai klawan yayi Prabu Duryudana sak kurawane,
diwangsulke karo pandawa. Selagine Bratayuda wurung, nanging praja ngestina
isih dikukuhi dening yayi prabu Duryudana. Kabeh perjanjian tak anggep batal,
kabeh surat tak anggep ora sah.
(surat banjur
disuwek-suwek karo Kresna)
Janaka : Kakangmas?
Wrekudara : Nun.
Janaka : Surat dipunsebit-sebit kaliyan
kakang Prabu Sri Batara Kresna.
Wrekudara : Yowis ben. Gampang nggawe meneh.
Janaka : Lajeng kados pundi, Paman
Sengkuni?
Sengkuni : Mbeel, lha kudu tandang aku iki, rada
kurang ajar ki Prabu Kresna.
(Sengkuni banjur sing
maju nggenteni Janaka ngadhep Prabu Kresna.)
Baladewa : Lha... Iki...wuahahaha.
Kresna : Napa sampeyan?
Baladewa : Lha kuwi maju, asune maju.
Kresna : Sabar rumiyin ta.
Sengkuni : He, Prabu Kresna. Aja sumekehan ngguem,
aja adigang adigung adiguna, kowe wani nyebit-nyebit surat kuwasa, wani
nyebit-nyebit surat kapercayan negara Ngastina, ateges kowe nantang wong-wong
ngestina, klebu pejabat Ngestina, kaya aku, Jendral Sengkuni. Hm?
Kresna : Sek, Paman Sengkuni. Aturan
lajeng sanksi hukum menika badhe tumama yen ta sanksi hukum kuwi dumadi ana ing
wilayah hukum tinamtu. Contone, kowe arep nyalahake Kresna, nyebit-nyebit surat
sing digawe Resi Lumana, ditandha tangani dening yayi Prabu Duryudana miwah
yayi Yudistira, ya?
Sengkuni : Iyaow.
Kresn : Kuwi aku bisa dipatrapi hukum,
yen kedadeyan iki dumadi ana ing wewengkon wilayah negara Ngastina serikat.
Sawangen! Tapel wates sing wis mok tinggalke, bebasan 20 yujana, iki manggon
wewengkon negara Ngamarta. Mula sing wajib matrapi hukuman karo Kresna kudu
yayi Prabu Puntadewa, dudu dapuranmu, Jendral.
Baladewa : Jendral dapure elek.
Kresna : Kaka prabu ampun nderek-nderek!
Tangan sampeyan kedah resik.
Baladewa : Resik apa? Dosa gelem aku wato nggecek
ndase sengkuni aku. Wis tak sembahyang ping sewu rekaaat ora papa. Ning nggecek
ndase sengkuni ndisik.
Kresna : Kendel rumiyin!
Setyaki : Sabar... sabar...
innallahama’assabirin, do you know?
Baladewa : Yes, i know.
Setyaki : Hehe, sabar.
Sengkuni : O... yowis. Nek pancen kaya ngono,
aku bisa duwe kesimpulan. Iya bae kowe ki ora gelem, ora trima para pendawa
meguru karo Resi Lumana, mergane apa? Yo
terang-terangan wae ya, senajan kowe dadi ratu, nanging kowe ki ratu mlarat.
Dwarawati kuwi ratu cilik, negarane cilik, penghasilane yo cilik. Kowe bisa
mulya mergae kowe ngempek ayom karo wong-wong Ngamarta. Mula kowe ora seneng
yen wong Ngamarta nduwe guru anyar, tegese kowe kelangan pegaweyan. Siji, ping
pindhone omonganmu wis ora digugu karo pendhawa. Hehehe, pandawa wis ora nggugu
karo kowe, lambemu wis ora digugu karo pendhawa. Pendhawa luwih nggugu karo
wong ngestina. Pendhawa luwih nggugu karo Begawan Lumana. Mula tekan saiki kowe
kudu mawas diri, Kresna. Kowe ki ratu sing wis ora payu, kowe ki ratu sing wis
ra dianggep pendhawa, kok isih sumekean.
Setyaki : Bangsat, bajingan.
(Sengkuni diamuk
Setyaki, banjur lunga, Janaka lan Wrekudara melu lunga nyusul Sengkuni).
Kresna : He.... Setyaki!!! (Banjur lunga
nututi Setyaki)
Baladewa : Bagus, Setyaki, terus-terus diantemi
Sengkuni terus... ayo antemana nganti moncrot palane. Ayo terus ... ayo
terus... lho lo lo lo kok malah kesasar. ( banjur melu nututi lunga).
(Kresna nyedhaki
Setyaki)
Kresna : Setyaki...!!!
(Baladewa njedul)
Baladewa : Ayo! Ayo! Ayo!
Kresna : Setyaki?
Setyaki : Kaka prabu.
Kresna : Nundhuk!
Setyaki : Oke!
Kresna : Apik tumindakmu ya?
Setyaki : Sae.
Baladewa : Apik, pancen. Tenan apik tenan. Ning
kurang ajar lho kowe, Setyaki.
Setyaki : Kurang ajarnya
bagaimana?
Baladewa : Lha wong aku sing sikile wis gatel
pengen nendhang ndhase Sengkuni lho, kok malah kowe mingsep-mingsep, mingsep-mingsep
malah ngapruk ndhase. Kene sing nukokke pulsa, kok malah sing ngemploki bluluk
kowe ki kepiye ta?
Setyaki : Salahe, wong saiki
kalah cepet ya kalah awu kok. Sakniki kathah, pacare kancane diembat, margane
kowe klemar-klemer boten ngawen-ngawen, dikawen kancane kathah. Mengko nek Ari
klemar-klemer ya tak kekna Bagus saka Jogja. Mumpung ana bapake ana gelem
ngragati. Wong Ari senengane blas-bles,blas-bles sing gratis. Cina mas.
Kresna : Kowe mau nempiling sapa?
Setyaki : Lhoh, napa njenengan
boten sumerep? Kula ngampleng Sengkuni.
Kresna : Menurutmu bener?
Setyaki : Leres sanget.
Baladewa : Pas bener, bener-bener banget. Cocok
aku nek karo kowe Setyaki, tenan. Wah apik tenan, apik, apik terus! Terus ajar
wae!
Kresna : Sampeyan niku boten ngadhemake,
malah manas-manasi ta?
Baladewa : Sapa?
Kresna : Sampeyan niku.
Baladewa : Ya ben kok. Hak asasi kok piye,
bebas.
Kresna : Kowe ngerti, Setyaki? Sengkuni ki
sapa?
Setyaki : Sengkuni ki wayang.
Kresna : Lha iya bener. Kuwi wayang apa?
Setyaki : Nggih wayang
dhudhahan.
Kresna : Ora, kedhudhukane Sengkuni ki
sebagai apa?
Setyaki : Patih.
Kresna : Lha ya, Patihe sapa?
Setyaki : Patihe kurawa.
Kresna : Yen mengko kurawa ora trima
ngroyok karo kowe, kowe wani karo kurawa?
Setyaki : Wantu mawon.
Baladewa : Cocok kuwi, cocok, tenan, wani kok.
Kowe ki dudu Togog, kowe ki Setyaki, wani. Setyaki kok karo kurawa kok mbek, wani, aja kuwatir. Ngko
nek kalah iki sek mbelani aku, tenang
wae.
Kresna : Mangga njenengan sing wonten
ngajeng mriki! Kula tak teng wingking cobi pun.
(Baladewa dikon maju,
banjur Kresna mundur. Ananging Baladewa namung kukur-kukur, bingung.)
Baladewa : Ki kepenake ngko mangane jam pira,
Setyaki?
Kresna : Kowe dipasrahi tugas wae kaya
ngono. Nggrece, nggleleng, mula nek teka ki aja telat ngoten lho. Wis dilatih
ping pindho kok tetep nyuwuke salah, dang tak dang tak dang tung tak dudududul.
Baladewa : Aku nek ora tak punjuli ora seneng kok
aku.
Kresna : Iya kurawa, yen nganti Janaka
maju, Werkudara maju, kowe wani?
Setyaki : Ah, menawi kepeksa
nggeh wantun.
Kresna : Kok nganggo kepeksa, piye?
Setyaki : Nggih kaka Prabu.
Baladewa : Iya, kudu wani. Alah wani kok. Perkara
kalah menang gampang sing penting wani dhisik. Tabrak bresss!
Kresna : Janaka kuwi melu klebu kurawa,
apa melu klebu pendhawa?
Setyaki : Pendhawa, ning saiki
mbela kurawa.
Kresna : Wis saiki pandhawa apa kurawa?
Aja namung nganggo nanging.
Setyaki : Pendhawa.
Kresna : Malah ngoso ki. Yen kowe nganti
perang karo Janaka karo Wrekudara sing
keplok kih akeh. Diadudhomba. Hm? Islam karo islam diadudhomba, Yahudine padha
keprok-keprok. Muhamadiyah karo NU diadu, Yahudine keprok-kerpok. Kowe ngerti
perkarane apa ora?
Setyaki : Nggeh, perkarane do’a
qunud. NU nganggo do’a qunud, Muhammadiyah boten. Mergane pancen boten apal.
Ning alhamdulillah nggen kula niku anatarane Muhammadiyah kalih NU menika sampun
boten mempersalahkan do’a qunud.
Kresna : O, syukur alhamdulillah.
Setyaki : Boten alhamdulillah,
innalilahi kok.
Kresna : lha kok innalilahi, piye? Lho jare wis ora mempersalahkan do’a qunud, berarti rak ya apik ta?
Setyaki : Boten, napa ta sebabe
boten mempersoalkan do’a qunud, amargi baik wong NU maupun Muhammadiyah wis
jarang nglakoni sholat subuh. Dadi ora qunud-qunudan, sing penting subuhe
bubarke wae malahan.
Kresna : Ya wis, sing penting kowe nek urung
tak prentah ,aja maju ya?
Setyaki : Nggih, beres.
Kresna : Kaka prabu saged sabar napa boten?
Nek boten saged sabar, kula aturi mlebet kothak mawon mrika.
Baladewa : Ya ora no. Mangkat, ora ketang mung
piye-piye.
Setyaki : Kaka prabu menika
mangkate angel kok, nek pas dibutuhake do ora mangkat, mangken nek ora
dibutuhke nglumpuk penyumping wong akih. Penyumping tekane mengko nek wayange
wis do tumata kabeh nek bedhugi, ngko takone “Mpun beres mas?”, ngono kwi.
Hehe...
Kresna :
Kancingen lambemu! Kaka Prabu ingkang prayetna, kaka Prabu.
Baladewa : Iya, tak dherekake yayi.
Setyaki : Mangkeh nek thonge iso
nang telu apek banget kok.
(Banjur padha lunga)
Prabu Paranjana : Weh tenan ta kowe, Baladewa.
Priwikan dadi grojokan jebule kowe ngabari adhimu Kresna. Geres pantes aku Paranjana.
Dina iki aja ketanggungan, entohadiyakake aku saka kakang Duryudana yos bisa
nigas panci gulumu, Baladewa.
(Prabu Paranjana lan
Antareja ketemu)
Prabu Paranjana : Jumangkahing
gra sesumbar
Lindhu bumi gonjang ganjing
Antareja : Kumaluk dukun tarakethuk lumembak kang jala ledhe o....
Prabu Paranjana : Oblas. Kurang sepuluh langkah jawil
gulune Baladewa. Metu saka ngingsor ndhudhah bumi, kowe wayang Antareja, hm?
Antareja : Reti myang jenengku?
Prabu Paranjana : Alah mbendina kumpul nang kothak.
Masak pangkling?
Antareja : Kowe Prabu Paranjana
sing diunggul-unggulake marang wong Ngestina?
Prabu Paranjana : Betul. Aja ngalang-ngalangi
langkahku Antareja! Tak jangkah sirahmu. Ingsun bakal apar klawan uwakmu Prabu Baladewa.
Antareja : Wongtuaku, pepundhenku,
aja nganti bucek kulite. Yen wani tandhingane Antareja.
Prabu Paranjana : Haha... bagus! Genti dhagakan perang
karo kowe, gak soal. Sedina yen durung bisa ngokop getihe mungsuh. Salit gondhangku
bebesan pitung dina. Cekel sabuk milang tatu asing-asing kecuting pati, nyawamu
wis muntup-muntup aning mbun-mbunan kowe, Antareja. Ora gelem minggat, tak
jabut nyawamu.
Antareja : Cangkemu! (Banjur
diantem).
Prabu Paranjana : Hah... Edyan, ora weruh tangane. Cepet
banget.
(Banjur padha gelut).
Antareja : Hep.
Prabu Paranjana : Wuah...
Prabu Paranjana : Edyan. Wuah kemebul dhadhamu.
Antareja : Wah, endho!
Prabu Paranjana : Hup, ciyaa.. Huih, huih... Ora
lunga, tugel byeyekanmu.
(Antareja lunga, banjur
teka maneh ngantemi Prabu Paranjana nganti tiba)
Prabu Paranjana : Hadhuh. Mati aku, hiyung. Huwah... hadhuh
pothol untuku iki.
(Antareja terus anggone
ngantemi Prabu Paranjana.)
Prabu Paranjana : Huwaaiya.. hadhuh. Bweh... uhuk uhuk.
(Antareja banjur midak
sirahe Prabu Paranjana)
Prabu Paranjana : Sikile bajingan , ucula! Edyan, huh
huhhh. Sikilmu kuwi.
(Antareja digebuki
Prabu Paranjana).
Prabu paranjana : Modyar.. modyar.. modyar.. modyarrrr...
arep ngapa kowe, ayo iki tandhinagana Paranjana ... hokya, hokya..
(Banjur iseh padha
gelut, Antareja ngantemi sirahe Prabu
Paranjana, nanging ujug-ujug Prabu Paranjana ngethikake clurit).
Prabu Paranjana : Kowe, modyar kowe, ora weruh kon,
hayok. Tiban clurit kae. Antareja aja malyu, tiban pusakaku clurit ora nganan
kodhok bosok. Mlempuh bathanganmu, ayoh majua kene. Lhoh-lhoh keri lhoh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar