Sabtu, 16 Januari 2016

Asal-usul Wayang kulit



WAYANG KULIT
Kesenian wayang utawa  ringgit menika salah satunggaling kesenian jawa, kesenian ringgit menika sampun wonten saderengipun kebudayaan Hindu mlebet ing  Indonesia lan wiwit berkembang ing jaman Hindu Jawa. Pertunjukan Kesenian wayang menika asil saking sisa-sisa upacara keagamaan tiyang Jawa yaiku sisa-sisa saking kepercayaan animisme lan dynamisme.
Miturut Kitab Centini, asal-usul wayang Purwa dipunsebutaken menawi kesenian wayang menika mula-mula dipunripta Raja Jayabaya saking Kerajaan Mamenang / Kediri. Sekitar abad ke-10 Raja Jayabaya ngripta gambaran saking roh leluhuripun lajeng dipungambar ing godhong lontar. Bentuk gambaran wayang menika dipuntiru saking gambaran relief cerita Ramayana ing Candi Penataran ing Blitar. Dheweke nganggep Cerita Ramayana menika cerita ingkang narik perhatian amerga Jayabaya uga termasuk penyembah Dewa Wisnu ingkang setya. Figur utawi tokoh ingkang dipungambar kaping pisanan yaiku gambaripun Batara Guru utawa Sang Hyang Jagadnata yaiku perwujudan saking Dewa Wisnu.


Sumber:

Tidak ada komentar:

Posting Komentar