Siti
Pak
Jarwo duwe anak cacahe ana telu wadon kabeh, kabeh ayu-ayu
tur sregep lan gemati marang wong tuane. Anake sing loro
wis omah-omah, nanging sing siji isih sekolah kelas telu
SMA. Pak Jarwo sajak bungah banget, amerga kabeh anake
pada nurut marang tuane. Anake sing nomer telu jenenge Siti yen
mulih sekolah sebisa-bisane bantu wong tuane ana omah kayata bantu resik-resik
omah nganthi sarampunge. Wong pancen dhasare bocah sing sregep,
ora kaya kanca-kancane sing kesed tur sifate isih mbok-mboken
kae.
Dheweke
sakora-orane kepingin bisa biyantu wong tuane, sanajan namung sithik namung ya migunani.
Saben dina dheweke dunga muga diparingi kasarasan marang
Gusti supaya bisa tetep bisa bantu wong tuane.
Siti
duwe kekarepan besuk yen lulus sekolah SMA kepingin kuliyah
lan uga pengin dadi pegawe negri sing sukses, Bisa banggakke
wong tua lorone. Naging dheweke nyadari yen wong tuane iku
wong ora duwe, njur kepriye dheweke bisa mujutake kekarepane kuwi
mau. Dheweke ora putus semangat anggone donga nyuwun marang gusti
sing bisa ngijabahi kekarepane umate. Menawa ana dalan saking
gusti.
Pak
Jarwo lan bu Jarwo uga duweni kekarepan sing pada karo kekarepane
anake mau, amerga pada ngerti yen Siti kuwi pancen bocah
sing pinter ing sekolahane. Mula eman yen lulus sekolah namung
tenguk-tenguk ana omah wae. Pak Jarwo sing dadi pangayom
keluwargane kuwi nyadari, dheweke kudu bisa mujutake kekarepane ananke
mau.
Ing
sekolahahne kana Siti pancen murid sing paling ayu, sanajan ayu
nanging ora gawe dheweke mirasa kemayu. Dheweke ngakoni
yen awake kuwi dadi anake wong ora duwe mula ya kudu ngati-ati
anggone tumindhak. kuwi mau pitutur lan panyuwunan wong tuane marang dheweke.
Pancen Siti ki anak sing manutan mula ya manut marang pituduhe
wong tuane mau. Kuwi sing gawe wong tuane bangga duwe anak manutan kaya
Siti.
Siti
saben dina yen mangkat sekolah kanthi sarana mlaku ngliwati omah-omah
sing jumejer ing sapinggiring kali. Amerga anggone mangkat sarana mlaku
mula awake kringeten. Tarkadhang yen awake kesel uga leren disik ing lungguhan
angkruk sanding parkiran karo sendhenan. Sanajan
sekolahane adoh saka omahe, nanging kabeh dilakoni kanthi ati seneng.
Dheweke
saiki wis kelas rolas semester genep, anggone sinau sajak tememen
banget, Pancen Siti kuwi bocah sing sregep lan pinter.
Mula ana sekolahan dheweke kuwi dadi murid sing disenengi marang
gurune.kanca-kancane uga seneng marang dheweke amerga
wateke Siti sing grapyak sumanak marang sekabehane.
Sekabehane
pada gemati marang Siti, kabeh krasa seneng kekancanan lan
cedhak karo siti. Sanajan disenengi guru-guru , kuwi mau ora
banjur gawe Siti gumedhe lan sombong, nanging malah nambahi sifat
andhap asore Siti. Wis pokoke Siti kuwi pancen anak sing atine apik banget.
Saiki
titiwancine Siti lulusan, dheweke lulus lan ketampa ana perguruan
tinggi ning Semarang yaiku UNNES( Universitas Negeri Semarang) kanthi
jurusan basa jawa. Atine sajak bungah banget amerga pikanthuk
beasiswa bidikmisi . Wong tuane uga syukur banget marang gusti sing wis aweh
dalan marang umate sing gelem usaha.
Anggone
kuliah Siti tememen banget, kabeh dilakoni kanthi ati sumringah
merga kekarepane bisa kawujud. Sinaune uga tambah sregep supaya
kekarepane dadi wong sukses uga bisa kawujud. Siti dunga muga-muga awake bisa
kuliah nganti sarampunge ora mandheg tengah dalan.
TAMAT