Rabu, 16 Desember 2015

Cerkak



Siti
Pak Jarwo duwe anak cacahe ana telu wadon kabeh, kabeh ayu-ayu tur sregep lan gemati marang wong tuane. Anake sing loro wis omah-omah, nanging sing siji isih sekolah kelas telu SMA. Pak Jarwo sajak bungah banget, amerga kabeh anake pada nurut marang tuane. Anake sing nomer telu jenenge Siti yen mulih sekolah sebisa-bisane bantu wong tuane ana omah kayata bantu resik-resik omah nganthi sarampunge. Wong pancen dhasare bocah sing sregep, ora kaya kanca-kancane sing kesed tur sifate isih mbok-mboken kae.
Dheweke sakora-orane kepingin bisa biyantu wong tuane, sanajan namung sithik namung ya migunani. Saben dina dheweke dunga muga diparingi kasarasan marang Gusti supaya bisa tetep bisa bantu wong tuane.
Siti duwe kekarepan besuk yen lulus sekolah SMA kepingin kuliyah lan uga pengin dadi pegawe negri sing sukses, Bisa banggakke wong tua lorone. Naging dheweke nyadari yen wong tuane iku wong ora duwe, njur kepriye dheweke bisa mujutake kekarepane kuwi mau. Dheweke ora putus semangat anggone donga nyuwun marang gusti sing bisa ngijabahi kekarepane umate. Menawa ana dalan saking gusti.
Pak Jarwo lan bu Jarwo uga duweni kekarepan sing pada karo kekarepane anake mau, amerga pada ngerti yen Siti kuwi pancen bocah sing pinter ing sekolahane. Mula eman yen lulus sekolah namung tenguk-tenguk ana omah wae. Pak Jarwo sing dadi pangayom keluwargane kuwi nyadari, dheweke kudu bisa mujutake kekarepane ananke mau.
Ing sekolahahne kana Siti pancen murid sing paling ayu, sanajan ayu nanging ora gawe dheweke mirasa kemayu. Dheweke ngakoni yen awake kuwi dadi anake wong ora duwe mula ya kudu ngati-ati anggone tumindhak. kuwi mau pitutur  lan panyuwunan wong tuane marang dheweke. Pancen Siti ki anak sing manutan mula ya manut marang pituduhe wong tuane mau. Kuwi sing gawe wong tuane bangga duwe anak manutan kaya Siti.
Siti saben dina yen mangkat sekolah kanthi sarana mlaku ngliwati omah-omah sing jumejer ing sapinggiring kali. Amerga anggone mangkat sarana mlaku mula awake kringeten. Tarkadhang yen awake kesel uga leren disik ing lungguhan angkruk sanding parkiran karo sendhenan. Sanajan sekolahane adoh saka omahe, nanging kabeh dilakoni kanthi ati seneng.
Dheweke saiki wis kelas rolas semester genep, anggone sinau sajak tememen banget, Pancen Siti kuwi bocah sing sregep lan pinter. Mula ana sekolahan dheweke kuwi dadi murid sing disenengi marang gurune.kanca-kancane uga seneng marang dheweke amerga wateke Siti sing grapyak sumanak marang sekabehane.
Sekabehane pada gemati marang Siti, kabeh krasa seneng kekancanan lan cedhak karo siti. Sanajan disenengi guru-guru , kuwi mau ora banjur gawe Siti gumedhe lan sombong, nanging malah nambahi sifat andhap asore Siti. Wis pokoke Siti kuwi pancen anak sing atine apik banget.
Saiki titiwancine Siti lulusan, dheweke lulus lan ketampa ana perguruan tinggi ning Semarang yaiku UNNES( Universitas Negeri Semarang) kanthi jurusan basa jawa. Atine sajak bungah banget amerga pikanthuk beasiswa bidikmisi . Wong tuane uga syukur banget marang gusti sing wis aweh dalan marang umate sing gelem usaha.
Anggone kuliah Siti tememen banget, kabeh dilakoni kanthi ati sumringah merga kekarepane bisa kawujud. Sinaune uga tambah sregep supaya kekarepane dadi wong sukses uga bisa kawujud. Siti dunga muga-muga awake bisa kuliah nganti sarampunge ora mandheg tengah dalan. 
TAMAT

Selasa, 15 Desember 2015

Geguritan


    SEGA PECEL
Dudu liya utawa apa sanajan kuna
Nanging dadi andhalan wong jawa
Wis terkenal ning indonesia
Uga wis dikenal ing manca negara
            Sega pecel...
            Bisa ngluluhake ati kacel
            Bisa gawe ganjel weteng
            Enak rasane, murah regane
Sega pecel....
Panganan asli Indonesia
Gaweane uwong jawa
Rasane enak gawe lega

INTERNET
Sing siji iki kabeh uwong mesthi reti
Amerga dianggo ora rina ora wengi
Utamane para siswa, para siswi
Para mudha, para mudhi
Para kakung, para estri
            Internet dadi tujuan utama
            Goleki apa wae ing ngalam donya
            Ing kana kabeh mesthi ana
            Internet pancen dadi andhalan
            Mula kuwi aja nganti ketinggalan
TEMPE
Asale namung saka dhele
Tempe enak rasane
Seje kuwi ya murah regane
Tempe uga gedhe manfaate
            Tempe akeh proteine
            Tempe gampang luronane
            Gedhe cilik padha seneng tempe
            Tua enom uga seneng marang tempe
Seje tempe uga ana tahu
Dhele uga dadi bahan baku
Rasane ya ora kalah karo tempe
Tahu uga gedhe kasiate
BOTOL BEKAS
Yen wis ilang isine
Banjur dibuwak bungkuse
Apa wis ora bisa dimanfaatke
Apa ya wis ora ana gunane
            Para mudha kudu bisa manfaatna
            Botol bekas sing wis ora diguknakna
            Didhadekna barng sing ana guna
            Supaya bisa nuwuhhake arga

Geguritan


     WAYAH PAJAR
Jago kluruk saut-sautan
Srengenge jumedhul saka sisih wetan
Manungsa tangi kebat-kebatan
Golek rejeki ojo nganti kerinan
            Kebhul pawon katon mbumbung
            Bocah sekolah tansah bungah
            Nyangking tas banjur mlampah
            Luru ilmu ana bangku sekolah
Pak tani pada mangkat ing sawah
Nganggo caping mikul pacul
Nggarap sawah kanthi gemati
Ngarep-arep parine dadi

    KRUPUK
Panganan sing mesthi dijupuk
Ora atos ya ora emphuk
Gae bathur mangan mesthi gathuk
Ana ngendi wae warung mesthi ana krupuk
            Krupuk enak rasane
            Sanajan  ora bisa waregage
            Nanging ora lengkap rasane tanpa dheweke
            Krupuk pancen wis dadi andalan lalapane
CIDRA NING JANJI
Suwe awakku ngenteni
Tekamu nemoni awaku
Tak anti-anti tekamu
Sing ana malah cidramu
            Larane atiku iki
            Ora ana liyane sing ngerti
            Ora ana sing bisa ngobati
            Namung bisa tak adhepi
Janji-janji sing biyen kok janjeni
Saiki namung dadi cidra ning ati
Saiki kowe lali
Marang aku sing tresna kowe iki
JAM
Detik sadetik wis tak lewati
Sing tak rasakna ora ana sing ngerti
Kajaba aku kaliyan gusti
            Jam iki tansah dadi seksi
            Aku karo cerita uripku iki
            Dadi kanca rina lan wengi
Jam sing gumanthung kae
Mubeng ora ana enteke
Ngabari wektu kanggo manungsa
Supaya disiplin ana ing donya

KERETA
Kebhul pega kae nandhakke tekamu
Renteng-renteng dawa ora ana enteke
Seje kuwi ya mesthi akeh penumpange
            Rana-rene wis dadi kerjaane
            Ngeterna penumpange dadi tujuane
            Kereta wis ana ing jaman biyen kae
Wis ana ing jamane landha
Mula kereta dadi seksi bisu
Perjuangane wong jaman lawas
Mula kuwi kudu dilestarikna
KUPU-KUPU
Endhahing warnamu ngadhemna atiku
Pethelmu dadi panutanku
Setyamu dadi contoh kanggo aku
Rana-rene tansah luru madu
            Biyantu pirang-pirang kembang
            Ing proses penyerbukan
            Ora kesel-kesel anggonmu kerja
            Dikumpulna kanggo kaluwarga lan kanca-kanca